Wb/jv/Resèp/Pitik gorèng

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Resèp
Wb > jv > Resèp > Pitik gorèng
Pitik gorèng

Resèp iki yaiku carané masak pitik gorèng biasa ala Jawa.

Kaperluan[edit | edit source]

  • Pitik separo utawa pitik 1,5 kilo
  • uyah sasèndhok pangan
  • bawang putih rong siyung
  • ketumbar sasèndhok tèh
  • Lenga gorèng sacukupé

Cara masak[edit | edit source]

  • Pitik diiris-iris dipara sacukupé
  • Ketumbar dikum banyu sedèlok, banjur ditirisaké
  • Bawang diuleg nganti alus, banjur uyah lan ing pungkasan ketumbar dilebokaké. Mèlu ulegen nganti alus. Banjur diwèhi banyu sithik terus diudhak
  • Lumerna ing pitik sing wis diirisi. Tekna kira-kira 10 menit
  • Wajan dileboni lenga lan disumet. Yèn lenga wis panas, pitik dilebokaké. Maksimal isiné rong wiji
  • Gorèng nganti wernané coklat, angkat lan tirisna
  • Disuguhaké mawa sambel uleg lan lalapan serta sega
  • Sugeng dhahar!