Wb/jv/Resèp/Krokèt kenthang

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Resèp
Wb > jv > Resèp > Krokèt kenthang
Krokèt sing wis mateng

Bahan kulit:

  • Kenthang dikukus, dioncèki lan dialusaké: ½ kilogram.
  • Endhog: 2 butir.
  • Susu bubuk: 25 gram.
  • Glepung panir sacukupe.
  • Uyah, mrico lan lenga klentik sacukupe.

Bahan Isi:

  • Brambang, diiris alus: 3 siung.
  • Bawang
  • Mertega: 1 sendhok maem.
  • Daging cincang: 200 gram.
  • Wortel, diiris kothak-kothak cilik: 500 gram.
  • Susu: 125 mililiter (bisa diganti nganggo banyu).
  • Gandum: 1 sendhok maem.
  • Uyah lan mrico sacukupe.

Cara nggawé:

  • Siram wortel nganggo banyu panas, tiriske.
  • Tumis brambang lan bawang karo mertega, yèn wis ngganda wangi, cemplungna daging cincang lan wortel.
  • Tambahna susu, uyah lan mrico, nyambi diudheg supaya ora gosong.
  • Banjur tambahna gandum nyambi diudheg.
  • Angkat banjur adhemna.
  • Campurna kenthang karo susu bubuk, mertega, uyah, mrico lan endog 1, udheg nganti rata lan sisihna
  • Jupuk 2 sendhok maem kenthang sing wis dialusaké mau, sèlèhna ing tangan, wangunen setengah bunder lonjong, banjur diisi lan kepelen dadi bunder.
  • Jupuk putih endhog sing sijiné lan cemplungna bunderan krokèt banjur gulingna ing papan glepung panir.
  • Goreng nganggo lenga panas, nganti wernané kuning rada coklat.