Wb/jv/Resèp/Acar campur

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Resèp
Wb > jv > Resèp > Acar campur

Acar campur

Bahan[edit | edit source]

  • 1/4 kg timun
  • 1 ons kol
  • 1 ons thokolan
  • 2 ons wortel
  • 2 séndhok maem lenga klentik

Bumbu[edit | edit source]

  • 3 iji miri
  • 3 siung brambang
  • 2 siung bawang
  • 2 iji lombok abang
  • 1 ros driji kunir
  • 10 iji lombok riwit
  • 1/2 ros driji jaé
  • 1 séndhok maem gula
  • 2 séndhok maem cukak
  • 1 séndhok maem uyah

Carané nggawé[edit | edit source]

  • Timun dioncèki banjur diwilah dadi 2, buwangen isiné. Banjur irisen kanthi dawa 2 rong driji.
  • Wortel dioncèki, irisen padha timun.
  • Kumbah kol banjur dirajang.
  • Buwangen buntut thokolan, banjur dikumbah.
  • Buwangen gagang lombok riwit, kumbah.
  • Alusna bumbu liyané.
  • Tumisen bumbu nganti wangi, cemplungna jangananné. Tumisen nganti setengah mateng banjur diangkat.
  • Tatanen ing piring.