Wb/jv/Pengantin Jawa/Atur pambagya harja

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Pengantin Jawa
Wb > jv > Pengantin Jawa > Atur pambagya harja

Atur pambagya harja jroning adicara lamaran ing temantènan adat Jawa, kuwi arupa basa Jawa kang dipocapaké déning pranata cara.

Tuladha[edit | edit source]

Para lenggah kakung sumawana putri, ingkang sinuba ing pakurmatan, raos bombong miwah mongkoging manah, panjenenganipun Bp...... sekalihan ingkang mengku gati mboten saged nggambaraken ing mriki, madya ning pahargyan ing kalenggahan punika ing sedya badhe hangaturaken pambagya harja wonten ngarsa panjenengan.

Awit saking bombonging manah anggenya badhe matur amung kandheg wonten samadyaning jangga, ingkang punika minangka sulih salira ingkang piniji nun inggih panjenenganipun Bp....... wekdal kasumanggakaken, sumangga nuwun.

Wacan[edit | edit source]

Pranala jaba[edit | edit source]