Wb/jv/Kethoprak
Kethoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah, ananging uga bisa tinemu ing Jawa Wétan. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa Tengah lan bisa ngasorake kasenian liyané, umpamané Srandul, Emprak lan sakliyané.
Sajarah
[edit | edit source]Kethoprak wiwit bebukané awujud dedolanan para priya ing dhusun kang lagi nganaaké lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing wektu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembé kaéring tembang bebarengan ing kampung /dhusun kanggo lelipur . Sateruse ana tambahan kendhang, terbang, lan suling, mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadèyan ing taun 1887. Sabanjuré ana ing taun 1909 wiwitan dianaaké pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran Kethoprak wiwitan kang resmi ing ngarsané masarakat/umum, yakuwi Kethoprak Wreksotomo, dipandhégani déning Ki Wisangkoro, sing mandhégani kabèh para priya. Carita kang dipagelaraké yaiku : Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma - Darmi, lan sapanunggalané.
Sawisé iku pagelaran Kethoprak sangsaya suwé dadi lan apiké lan dadi klangenané masarakat, utamané ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadèyan sawisé Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggoné carita lan ugo kaéring gamelan.
Jinis
[edit | edit source]Anané gegayutan karo pagelaran "teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibédakké mengkéné :
- Kothèkan Lesung : awujud mula bukané Kethoprak lan dadi winih ing tembé mburi dadi pagelaran Kethoprak.
- Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitané saka kothèkan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita , panguripané para tani .
- Kethoprak Lesung : Amujudaké pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaéring gamelan kayadéné kendhang, suling, terbang lan lesung. Iki kang bakal lan lairé pagelaran Kethoprak.
- Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ).
- Kethoprak Gamelan Pendopo : carita-caritané ngemungaké carita Babad, dipagelaraké nganti sepréné . Pagelaranné ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendhapa ( Pagelarané ana ing 'Pendhapa').
- Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yaiku Kethoprak kang dipagelaraké ana ing panggung kanti carita campur, awujud carita rakyat, sajarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca (Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalané).
Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Pagelarané dadi profésional kanthi amungut bayaran karcis , uga kanggoné para nayaga (pemain ) lan pradangga (panabuh gamelan ) kethoprak wis dadi panguripan. Tèknik pagelaran lan carita digawé luwih apik lan ditindakaké kanthi teges lan tumemen. Conto mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak "Siswo Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa Wétan kang wis misuwur ana ing ngendi waé, dadi klangenané masarakat.
Isi carita
[edit | edit source]Rupa-werna carita pagelaran Kethoprak umpama carita rakyat, dongèng, babad, legendha, sajarah lan adhaptasi saka nagari manca bisa uga migunaaké swasana Indonésia, contoné karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji), Ande-ande lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawé, Jaka bodo.
Carita klangenan masarakat bisa arupa carita pahlawanan, paperangan , carita nglempengaké kabeneran biasané ing pungkasaning carita sing gawé bebener, jujur lan becik antuk kamenangan.
Ageman para nayaga pemain dipadhakaké karo carita kang dipagelaraké, . Biasané nganggo ageman para Narapraja Jawa wektu jaman krajaan biyèn. Umpama Pangéran Wiroguna, Agemané ngangga Priyayi Jawa Pangéran saka tlatah Jawa Tengah ( Yogyakarta ), semono uga para prajurit. Nanging ana uga ageman kang arupa simbolis ,umpama Piyantun Wicaksana awerni ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemman pethak, ingkang kendel agemané abang. Carita Baghdad agemané kasebut "Mesiran" nganggo ageman sutra. Ageman Wayang wong uga ana gegayutan karo Kethoprak, utamané Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Umpamané carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.
Uga ana ageman kasebut basahan, yakuwi ageman kejawèn ananging cinampur ing liyan bisa arupa ageman bathik, lan beskap uga surban (biasané nganggo uga jubah). Ageman basahan iki biasané ana ing carita Menak utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajeroné praja.
Sing dadi ciri wanciné Kethoprak : Carita kanthi para nayaga/pemain , kaéring tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak . Rembugan uga biasa nganggo tembang ,dadi tembang bisa mujudaké dadi pangiring adegan, dialog, monolog ( rerasan dhéwé) utawa dadi narasi.
Wondéné unining gamelan kanggo ngéringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang mbédakaké adegan siji lan sijiné,
Perangkat pangiring
[edit | edit source]Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep biasané nganggo suling utawa terbang kanthi tambahan keprak.
Para nayaga kethoprak biasané pinter anggoné "akting" uga kudu pinter nyanyi & nari .
Para pradangga gamelan, bebarengan karo sindhèn (waranggono),ngéringi irama gamelan kethoprak.
Senadyan sing dienggo basa Jawa nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. Bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil.
Ing wektu saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwé "improvisasi" kanthi wujud dhagelan kethoprak. Umpamané awujud Dhagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radhio lan televisi. Carita bakuné padha nanging dipagelaraké kanthi dhagelan . mligi ngemungaké lan nyenengaké pamirsané.Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasané wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawé geguyu. Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep.