Wb/jv/Kawruh dhasar basa Walanda/Pocapan

From Wikimedia Incubator

Pocapan basa Walanda iku rada angèl disinaoni déning Wong Jawa. Basa Walanda iku uniné utawa ing komunitas èlmuwan diarani foném, luwih akèh tinimbang basa Jawa.

Swara cendhak[edit | edit source]

a
mèmper 'a' ing tembung "kasur"
e
mèmper 'e' ing tembung "pèl" utawa 'e' pepet ing tembung "bener"
i
mèmper 'i' ing tembung "ilat"
o
mèmper 'o' ing tembung "enom"
oe
mèmper 'u' ing tembung "asu"
u
antara 'i' lan 'u'
y
mèmper 'i' ing tembung "ilat"

Swara dawa[edit | edit source]

a, aa
mèmper 'a' ing posisi awal ing tembung "aksara"
e, ee
mèmper 'é' ing tembung "témpé"
eu
mèmper 'eu' ing tembung "meubel" utawa ing basa Sundha "teu aya" ("ora ana")
ie
mèmper 'i' ing tembung "imbuh"
o, oo
mèmper 'o' ing tembung "loro"
uu
mèmper 'u' nanging luwih dawa

Diftong[edit | edit source]

au, ou
mèmper 'au' ing basa Indonesia "bangau"
eeuw
mèmper 'a' ing tembung "day" basa Inggris (lan ngganti swara 'y' ing pungkasan mawa 'w')
ei, ij
mèmper 'ay' ing tembung "say"
ieuw
mèmper 'ea' ing tembung "sea" basa Inggris lan dituti swara 'w'
ui
mèmper 'i' ing tembung "sir" basa Inggris lan dituti swara 'w'

Konsonan[edit | edit source]

b
mèmper 'b' ing tembung "bener"
c
mèmper 'k' ing tembung "kanal" utawa 's' ing tembung "sopir"
ch
mèmper 'kh' ing tembung basa Arab "khas"
d
mèmper 'd' ing tembung "dhadha" nanging luwih maju
f
mèmper 'f' ing tembung "fakir"
g
mèmper 'kh'
h
mèmper 'h' ing tembung "ha"
j
mèmper 'y' ing tembung "yasa"
k
mèmper 'k' ing tembung "kilo"
l
mèmper 'l' ing tembung "lali"
m
mèmper 'm' ing tembung "manuk"
n
mèmper 'n' ing tembung "nama"; nanging ing sawetara dialèk kerep ora diucapaké ing pungkasaning tembung
p
mèmper 'p' ing tembung "patung"
q
mèmper 'q' ing tembung "kwalitas"
r
mèmper 'r' ing tembung "rusak"
s
mèmper 's' ing tembung "sayur"
sj
mèmper 'sy' ing tembung "syah"
t
mèmper 't' ing tembung "top"
v
mèmper 'f' ing tembung "fakir"
w
mèmper 'w' ing tembung "wali"
x
mèmper 'x' ing tembung "ksatriya"
y
mèmper 'y' ing tembung "iya"
z
mèmper 'z' ing tembung "sayur"

Tabèl[edit | edit source]

Konsonan[edit | edit source]

IPA chart Dutch consonants
Bilabial Labio-
dental
Alveolar Post-
alveolar
Palatal Velar Uvular Glottal
Plosive p b t d k g1 ʔ ²
Nasal m n ŋ
Fricative f v ³ s z ³ ʃ ʒ 4 x ɣ ³ ʁ 5 ɦ
Approximant ʋ 6 j
Lateral l