Jump to content

Wb/jv/Kawruh basa Sangskreta/Paradigma kasus tembung aran

From Wikimedia Incubator
Wb > jv > Kawruh basa Sangskreta > Paradigma kasus tembung aran

Salah sawijining ciri khas utama basa Sangskreta yaiku basa iki sawijining basa flèksi. Dadi tegesé, tembung-tembung aran ing basa iki utawa substantif kabèh nduwèni sisipan sing bisa gonta-ganti miturut kasus.

Ing basa Sangskreta ana 8-ng kasus, yaiku:

  • kasus nominatif, akusatif, instrumèntalis, datif, ablatif, génitif, lokatif lan vokatif.

Sajatiné apa ta tegesé kasus-kasus iki? Kasus iki sajatiné ora liya namung praposisi utawa tembung-tembung ancer-ancer saha panggandhèng waé. Bédané karo basa Jawa iku, menawa ing basa Jawa, tembung-tembung iki katulis kapisah, kamangka ing basa Sangskreta kelèt dadi siji karo tembung dhasaré. Ing ngisor iki kasus-kasus iki kabèh bakal ditrangaké sabanjuré.

  1. nominatif: kasus dhasar.
  2. akusatif: kasus akusatif biasané nyatakaké pasièn utawa uga arah utawa tanggal.
  3. instrumèntalis: kasus instrumèntalis iki biasané bisa dipertal mawa tembung karo, déning lan sabanjuré. Tembung instrumèn iku tembung liya saka tembung piranti utawa alat. Dadi iki mesthi ana gandhèngané karo apa-apa sing dicekel
  4. datif: kasus datif iku biasané bisa dipertal mawa tembung kanggo lan sabanjuré.
  5. ablatif: kasus ablatif biasané bisa dipertal mawa tembung saka lan sabanjuré.
  6. génitif: kasus ablatif biasané nyatakaké kadarbèn lan bisa dipertal mawa tembung duwéné. Nanging uga kadhangkala tegesé uga kanggo.
  7. lokatif: kasus lokatif iki biasané nyatakaké papan.
  8. vokatif: kasus vokatif iku menawa nyeluk uwong, kéwan lan sabanjuré.

Skéma dhasar

[edit | edit source]

Ing ngisor iki kapacak skéma dhasar tasrifan utawa déklinasi basa Sangskreta. Sabagéyan gedhé tetembungan duwé panambang kaya ing ngisor iki.

TunggalDualisJamak
Nominatif -s
(-m)
-au
(-ī)
-as
(-i)
Vokatif -s
(-)
-au
( -ī)
-as
(-i)
Akusatif -am
(-m)
-au
(-ī)
-as
(-i)
Instrumèntalis -bhyām-bhis
Datif -e-bhyām-bhyas
Ablatif -as-bhyām-bhyas
Génitif -as-os-ām
Lokatif -i-os-su

Kepriyé praktèké? Ing ngisor iki dijupuk sawijining tuladha adhedhasar tembung deva sing tegesé "Déwa" utawa "Raja". Tembung iki jenis kelaminé maskulin. Kaya kapacak ing ngisor iki, ing cacah dualis, kasus nominatif, vokatif lan akusatif nggabung dadi siji. Éwadéné uga kasus instrumèntalis, datif lan ablatif saha kasus génitif lan lokatif. Banjur ing cacah jamak, nominatif nggabung karo vokatif, lan datif karo ablatif.

Banjur sawetara prabédan-prabédan sithik, salah sijiningn yaiku kasus jamak instrumèntalis dudu devabhis nanging devais.

Tunggal:

  1. nom. devas tegesé: "Déwa"
  2. vok. deva tegesé: "Hé Déwa"
  3. ak. devam tegesé: "menyang Déwa"
  4. inst. devena tegesé: "karo Déwa"
  5. dat. devāya tegesé: "kanggo Déwa"
  6. ab. devāt tegesé: "saka Déwa"
  7. gen. devasya tegesé: "darbèn Déwa"
  8. lok. deve tegesé: "ing Déwa"

Dualis:

  1. nva devau tegesé: "Rong Déwa", "Hé Déwa loro", "Menyang Déwa"
  2. ida devābhyām tegesé "karo Déwa loro", "kanggo Déwa loro", "saka Déwa loro"
  3. gl devayos tegesé "darbèn Déwa loro" utawa "ing Déwa loro"

Jamak:

  1. nv devās tegesé "Déwa-Déwa" utawa "Hé Déwa-Déwa"
  2. a devān tegesé "menyang Déwa-Déwa"
  3. i devais tegesé "karo Déwa-Déwa"
  4. da devebhyas tegesé "kanggo Déwa-Déwa" utawa "saka Déwa-Déwa"
  5. g devānām tegesé "darbèn Déwa-Déwa"
  6. l deveṣu tegesé "ing Déwa-Déwa"

Ing ngisor iki saiki kapacak kabèh pokok-pokok tembung-tembung iki sing kerep muncul.

Pokok-a

[edit | edit source]

Pokok-a (/ə/ utawa /ɑː/) iku ngandhut kelas panambang tembung aran sing gedhé dhéwé. Biasané tembung-tembung sing nduwé panambang cekak -a nduwé jenis kelamin maskulin utawa nétral. Tembung-tembung arang sing nduwé panambang -a dawa (/ɑː/) mèh mesthi féminin.

Maskulin (kā́ma- 'asmara') Netral (āsya- 'tutuk') Feminin (kānta- 'sayang')
TunggalDualisJamakTunggalDualisJamakTunggalDualisJamak
Nominatif kā́maskā́māukā́māsāsyàmāsyèāsyā̀nikāntākāntekāntās
Akusatif kā́mamkā́māukā́mānāsyàmāsyèāsyā̀nikāntāmkāntekāntās
Instrumèntalis kā́menakā́mābhyāmkā́māisāsyènaāsyā̀bhyāmāsyāìskāntayākāntābhyāmkāntābhis
Datif kā́māyakā́mābhyāmkā́mebhyasāsyā̀yaāsyā̀bhyāmāsyèbhyaskāntāyaikāntābhyāmkāntābhyās
Ablatif kā́mātkā́mābhyāmkā́mebhyasāsyā̀tāsyā̀bhyāmāsyèbhyaskāntāyāskāntābhyāmkāntābhyās
Génitif kā́masyakā́mayoskā́mānāmāsyàsyaāsyàyosāsyā̀nāmkāntāyāskāntayoskāntānām
Lokatif kā́mekā́mayoskā́meuāsyèāsyàyosāsyèukāntāyāmkāntayoskāntāsu
Vokatif kā́makā́maukā́māsā́syaāsyèāsyā̀nikāntekāntekāntās

Pokok -i lan -u

[edit | edit source]
pokok-i
Mas. lan Fém. (gáti- 'lunga, kahanan') Nétral (vā́ri- 'air')
TunggalDualisJamakTunggalDualisJamak
Nominatif gátisgátīgátayasvā́rivā́riīvā́rīi
Akusatif gátimgátīgátīsvā́rivā́riīvā́rīi
Instrumèntalis gátyāgátibhyāmgátibhisvā́riāvā́ribhyāmvā́ribhis
Datif gátaye, gátyāigátibhyāmgátibhyasvā́rievā́ribhyāmvā́ribhyas
Ablatif gátes, gátyāsgátibhyāmgátibhyasvā́riasvā́ribhyāmvā́ribhyas
Génitif gátes, gátyāsgátyosgátīnāmvā́riasvā́riosvā́riām
Lokatif gátāu, gátyāmgátyosgátiuvā́riivā́riosvā́riu
Vokatif gátegátīgátayasvā́ri, vā́revā́riīvā́rīi
pokok-u
Mas. dan Fem. (śátru- 'satru, musuh') Netral (mádhu- 'madu')
TunggalDualisJamakTunggalDualisJamak
Nominatif śátrusśátrūśátravasmádhumádhunīmádhūni
Akusatif śátrumśátrūśátrūnmádhumádhunīmádhūni
Instrumèntalis śátruāśátrubhyāmśátrubhismádhunāmádhubhyāmmádhubhis
Datif śátraveśátrubhyāmśátrubhyasmádhunemádhubhyāmmádhubhyas
Ablatif śátrosśátrubhyāmśátrubhyasmádhunasmádhubhyāmmádhubhyas
Génitif śátrosśátrvosśátrūāmmádhunasmádhunosmádhūnām
Lokatif śátrāuśátrvosśátruumádhunimádhunosmádhuṣu
Vokatif śátrośátrūśátravasmádhumádhunīmádhūni

Pokok vokal dawa

[edit | edit source]
Pokok ā (jā- 'kapinteran') Pokok ī (dhī- 'pikiran') Pokok ū (bhū- 'bumi')
TunggalDualisJamak TunggalDualisJamak TunggalDualisJamak
Nominatif jā́sjāújā́s dhī́sdhíyāudhíyas bhū́sbhúvāubhúvas
Akusatif jā́mjāújā́s, jás dhíyamdhíyāudhíyas bhúvambhúvāubhúvas
Instrumèntalis jā́jā́bhyāmjā́bhis dhiyā́dhībhyā́mdhībhís bhuvā́bhūbhyā́mbhūbhís
Datif jā́bhyāmjā́bhyas dhiyé, dhiyāídhībhyā́mdhībhyás bhuvé, bhuvāíbhūbhyā́mbhūbhyás
Ablatif jásjā́bhyāmjā́bhyas dhiyás, dhiyā́sdhībhyā́mdhībhyás bhuvás, bhuvā́sbhūbhyā́mbhūbhyás
Génitif jásjósjā́nām, jā́m dhiyás, dhiyā́sdhiyósdhiyā́m, dhīnā́m bhuvás, bhuvā́sbhuvósbhuvā́m, bhūnā́m
Lokatif jósjā́su dhiyí, dhiyā́mdhiyósdhīṣú bhuví, bhuvā́mbhuvósbhūṣú
Vokatif jā́sjāújā́s dhī́sdhiyāudhíyas bhū́sbhuvāubhúvas