Wb/jv/Kaca Utama/PustakaWiki:Cara Nyunting

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Kaca Utama
Wb > jv > Kaca Utama > PustakaWiki:Cara Nyunting

Wikibooks iku sawijining Wiki, kang artiné sapa wae bisa nyunting artikel sing ora direksa lan ngetrapake owah-owahan iku langsung ing kaca kuwi uga ora beda saka patrap ing Wikipedia.

Nyunting sawijining kaca Wiki iku gampang. Klik waé tab sunting (ing sisih tengen, dhuwur utawa ngisor kaca wiki). Sabanjuré, panjenengan bakal mlebu ing kothak teks sing bisa kanggo nyunting (editing) naskah kang bakal kapacak ing kaca wiki. Panjenengan beciké nyoba dhisik ana ing kothak wedhi. Panggonan iki kanggo sinau kepriyé cara tag wikipedia lumaku.


Panjenengan bisa miwiti ngetik ing kothak teks mau. Panjenengan bisa nambahi katrangan utawa mbeneraké katrangan sing klèru. Eling, tulisan ing wikipedia kudu nétral! Sawisé tulisan wis dadi, panjenengan beciké nonton dhisik sadurungé disimpen.

Ana kalané isi Wikipedia prelu dirembug, apa manèh yèn ana sing ora nétral utawa data-né salah. Panjenengan bisa klik tab "+" utawa dhiskusi kanggo ngrembug perkara mau.

Katrangan luwih premana perkara nyunting kaca wiki[edit | edit source]

Panjenengan bisa niliki kaca-kaca pitulung liyané:

Tips panyuntingan[edit | edit source]

  • Panjenengan kudu nétral (Neutral point of view/NPOV).
  • Kanthi tulisan sing panjenengan gawé, coba panjenengan klik Pranala kaca iki kanggo mriksa kaca-kaca liya sing kasambung pranala menyang tulisan sing panjenengan gawé. Yèn ana sing béda, beciké panjenengan beneraké utawa ditakonaké marang sing nulis.
  • Yèn ora ana pranala tumuju menyang kaca sing panjenengan tulis, iku artiné kaca iku klebu kaca kasepèn (lonely pages).Kaca kasepèn arang ditiliki para pamaos. Beciké panjenengan nggolèki naskah liya sing magepokan lan gawé pranala ing naskah liya mau.
  • Mriksani artikel sing padha ing Wikipedia basa liya kanggo njangkepi tulisan lan mènèhi interwiki.

Gawé pranala[edit | edit source]

Pranala (link) iku pérangan wigati ing kaca wiki. Sebisané, panjenengan gawé pranala ing naskah utawa tulisan sing panjenengan gawé. Pranala utawa sambungan menyang kaca liya iku bisa wis ana, bisa uga ora ana (kaca buntu utawa dead-end pages).

Suntingan sithik[edit | edit source]

Yèn panjenengan login, nalika nyunting ana pilihan katrangan cénthangan sithik. Iku kanggo suntingan sing ora ngowahi akèh isi tulisan.