Jump to content

Wb/jv/Dhukun ing Karangdlima

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv
Wb > jv > Dhukun ing Karangdlima

Wonten dhusun mregil, kepétang tebih saking kita, nanging kerep dipundhatengi ing priyantun-priyantun kita tuwin tetiyang padhusunan kanan-kéringipun ngriku. Dhusun ingkang mregil wau karan dhusun Karangdlima, kebekta pamedalipun dlima saking ngriku punika kathah, misuwur ageng tuwin écanipun, Déné dhusun wau kepétang dhusun badran énggal, yasanipun Kyai Amadrawi, tiyang sepuh ingkang mungkul dhateng agami, Anggènipun bebadra wonten ngriku punika kepétang saweg gangsal-welasan taun. Ing salebeting gangsal-welas taun wau sampun saged wujud dhusun ingkang ketel tetanemanipun, déné énggalipun dhusun wau ketitik anggèning dusun ngriku dèrèng anggadhahi wewayangan dhu- sun, inggih punika wit-witan ageng ingkang saged ketingal saking kate- bihan.

Amadrawi punika kepétang tiyang ingkang wekel ing damel, saged matrapaken anggèning abalé-griya. Griyanipun cèkli, ing ngajengan wonten langgaripun, balumbangipun ageng, kejogan utawi ambucal toya, dados balumbang toya gesang. Tetanemanipun ing pakarangan sanès tetaneman ingkang dados baku asilipun, sadaya namung ingkang pinang- gih sakéca wonten ing sawangan, bangsaning sesekaran, ngantos awujud patamanan. Ing langgar wonten bedhugipun, ing kalanipun wanci subuh, manawi dipuntabuh, swantenipun andharendeng kemirengan ing saepal mubeng, kados sabawaning tiyang ajak-ajak mangastuti ing Gusti. Gri- yanipun, sanadyan alit, pinanggih nyekapi kabetahan, resik gumrining dumugi ing lataripun. Kawontenanipun sadaya wau saged nenarik dha- teng sengsemipun para tamu.

Ing sakawit Amadrawi punika salugu tiyang neneka, sareng bebadra wonten ing ngriku lajeng dipuntresnani ing tiyang, jalaran saking remen tetulung manawi wonten tiyang suker-sakit, ambiyantu nyetiyaraken jampi, manawi wonten tiyang kesripahan ambiyantu damel. Dangu- dangu Amadrawi dados paran-jujugan saha tetep dipunwastani dhukun.

Amadrawi punika sampun ngumur 75 taun, tiyang kathah sami nyebut 'Kyai'. Gesangipun tanpa kanthi, namung dipunladosi ing réncang jaler kaliyan bojonipun, nama Trunangali. Saupami jaman rumiyin, mèmper saupami dipunwastanana 'Pandhita'. Kyai Amadrawi punika, sanadyan [ 33 ]Dhukun Ing Karangdlima

33

nyatanipun tiyang dhusun, ugi kathah ingkang ngajèni, kebekta saking tiyang sepuh tuwin ginemipun lugu, saha ngrumaosi anggènipun dados tiyang bodho.

Tetiyang ingkang sumerep, amastani: Kyai Amadrawi punika tiyang ingkang begja gesangipun, manahipun maligi, boten kegodha ing kamur- kan, nedha sawontenipun sampun rinaos sakelangkung éca tuwin mun- pangati, nyandhang-nganggé punapa kémawon sampun dados pamarem, swanten ing wanci sepen adamel sengseming manah, Samanten bédaning raosipun tiyang ingkang saged ngraosaken dhateng kamirahaning Pangé- ran, béda sanget kaliyan kajenging kamurkan, niyatipun namung badhé tanpa pamarem, saben kasembadan punapa ingkang dipunsedyakaken, malah andadra mungkaripun.

Kyai Amadrawi tanpa kendhat kedhatengan tamu saking pundi-pundi, sami gadah perlu warni-warni, wosipun sami pados pitutur ingkang damel mareming manah, Tamu ingkang sami dateng dalu, ngantos byar saweg sami wangsul. Tumrap ingkang boten mangertos, anggadahi welas dhateng Kyai Amadrawi, déné tiyang teka tanpa ngaso babar-pisan. Na- nging tumrap Kyai Amadrawi piyambak, tamu ingkang tanpa kendat wau malah andadosaken kasenenganipun, rumaos manawi anggèning kedhatengan tamu wau malah dados kanca bingah-bingah.

Nuju ing dinten Ngahad, wanci jam nem énjing, Kyai Amadrawi ling- gih piyambakan wonten ing ngèmpèr ngajeng. Rainipun resik, ketingal tandaning mentas sembahyang subuh. Kyai Amadrawi ngundang rén- cangipun: “Truna, rénéa!” Sareng Truna dateng Kyai Amadrawi ngla- jengaken wicanten: 'Ngomah mau yèn wis koresiki, gelarana klasa manèh. Iki dina Ngaad, sok ana dayoh.'

Truna: “Boten sok mawon, Kyai, ngriki punika jeg-jegan tamu tanpa kendhat, tengah dalu inggih sok wonten ingkang dhateng.

Kyai Amad: “Wis ta, aja sok ngrupakaké pikiran. Wong sugih dayoh iku nandhakaké yèn ditresnani ing sanak-sedulur. Kowé malah wajib ngucap sukur.”

Truna: “Kula ngaten abdi, Kyai, nyambut damel rinten-dalu namung seneng, Ingkang murugaken kula ragi anggruneng, punika rak saking anggèn kula murinani panjenengan. Panjenengan punika rak sampun yuswa, saksat boten naté ngaso.”

Kyai Amad: “Aja sok duwé pikiran mangkono, ora becik. Kasamaran iku bisa ngringkihaké kabatinan. Wong kang ringkih batiné, gampang ketaman sabab bebayaning awak. Upama kowé kuwi ngreti, Truna, mes- thiné malah bungah yèn kowé weruh aku kerep kedhayohan, déné aku duwé réwang lelinggihan. Saupama aku ora duwé dayoh, shapa réwangku. [ 34 ]34

Javanese Literature since Independence

Wis kana, Truna, menyanga buri.”

Sayektosipun Kyai Amadrawi piyambak inggih ragi gumun, teka tiyang kathah sami gadhah kapitadosan dhateng piyambakipun, kerep wonten tiyang nedha pitulung kapurih anjampèni tiyang sakit, Manawi wonten tiyang gadhah panedha makaten wau, rékadayanipun boten wonten sanès namung kapurih jejampi miturut punapa pangalamanipun Kyai, dilalah teka inggih kathah ingkang jodho. Manawi bab tiyang kepetengan manah, inggih namung dipunpituturi ingkang sakinten saged anocogi dhateng raosipun ingkang nedha pitulung. Sadaya wau kebekta saking ber- kahipun tiyang sepuh, saged adhedasar kajembaran.

Kyai Amad nalika saweg linggih piyambakan wau sumerep kalédhang ing tamu, lajeng nyapa: Iki apa Mas Jana, ya?”

Sujana: “Inggih, embah.”

Kyai Amad: “Mruput temen, lé. Angkatmu mau rak isih peteng?”

Sujana: “Inggih, embah, Ngaad-Ngaad, ngiras mlampah-mlampah. Pancènipun inggih badhé bidal siyang-siyangan, nanging sarèhning sa- rengan kala wau dalu jagong dhateng Kuwaron, badhé wangsul mantuk kenyengklèngan, mila lajengan sowan mriki pisan, tiyang niyat kula badhé sowan mriki.”

Kyai Amad: “Kowé kuwi samar yèn anggonmu mréné tak-anggep ala nganggur, ta. Ora dadi ngapa, Jana. Wong iku kang dadi rak niyaté, Wis kéné, linggih cedhakan baé. Pada slamet? Sapa Kuwaron kang duwé gawé?”

Sujana: “Wilujeng, embah, Ingkang gadhah damel Surasentika.”

Kyai Amad: “Surasentika sing sugih kaé. Duwé gawé apa?”

Sujana: “Bresih dusun. Ageng-agengan, embah.”

Kyai Amad: “Wong bresih désa yèn ora gedhèn!”

Sujana: “Anggèn kula mastani ageng-agengan punika tiyang bresih- ipun dusun boten mawi urunanipun tiyang kathah, dipunkuwawèni pi- yambak.”

Kyai Amad: “Elo, kadingarèn teka kemloprah temen. Mangka Sura- sentika iku, wis misuwur nyuthiki kacang ijo. Apa dhayohé ya akèh?”

Sujana: “Wah sampun, tumplak blak, tetiyang dhusun Kuwaron dalah kanan-kéringipun, dhateng sadaya."

Kyai Amad: 'O, he-eh, he-eh, Tontonané apa, le?"

Sujana; “Ringgit wacucal, lampahanipun Wahyu Cakraningrat.”

Kyai Amad: “Wah, kok pinter anggoné milih lakon. Mesthiné tumrap sedulur désa, milih lakon iku iya mawa karep. Apa kowé ngerti kareping Wahyu Cakraningrat?”

Sujana: Dèrèng, embah,” [ 35 ]Kyai Amad: 'Tak-dongèngi, mung cekakané baé. Lo, kuwi wédang apa, Truna?' Truna: 'Wédang bubuk, ka1iyan ketan.' Kyai Amad: 'Kowé kuwi bisa nuju, kaya pasemon kaé: wédang bubuk sakriyuk, nggo tamba ngantuk. Kejaba aku dhéwé ngantuk, iki Mas Jana iya ngantuk. Anu, Mas Jana, aku kepatuh kaya dhèk isih enom, dhemen sembranan. Kono wédangé ombénen, mupung isih panas, kumepyar. Truna, jupukna slepènku, kaé, ana ing bangku buri.' Kyai Amad sasampunipun nampèni slepèn, lajeng mendhet srutu satunggal, dipunsukakaken Sujana tuwin wicanten: 'Ududen. Généya teka koiling-ilingi ?' Sujana: 'Punika srutu Sigago.' Kyai: 'Ayah, kowé kuwi anggarap wong-tuwa. Kowé kuwi rak teges pitakon: sapa kang awèh? Berkahing priyayi akèh, tholé. Aku tak mbacutaké kandhaku bab lakon Wahyu Cakraningrat. Kuwi cekakané mangkéné. Wahyu Cakraningrat iku wahyuning kamulyan, wahyuning kanugrahan, iya cekakané ratu-ratuning wahyu. Pancèn wahyu iku kang tansah dadi pangajapaning manungsa, nanging wahyu mau tumibané mung ana wadhah kang becik temenan, kareping becik iku: suci. Dadi kang ketiban, iku iya wong kang suci temenan. Mung tumraping panjangka, samubarang panjangka apa baé sok dilèrègaké, yèn kasembadané mau saka ketiban ing wahyu Cakraningrat. Nanging iya wis kena, awit sawarnaning panjangka iku iya wis nganggo lelambaran kabecikan, lan tékad kang mantep temenan. Mulané tumibaning wahyu menyang Radèn Angkawijaya, tegesé Radèn Angkawijaya kang wewadhahé menang becik, tinimbang kang duwé karep liya-liyané. Yèn ngélingi lelakon kang kaya mangkono mau, anggoné Surasentika milih lakon mau, mesthi ana karepé. lng kana ana lelakon apa ta?'

Sujana: 'Kados boten wonten lelampahan punapa-punapa.'
Kyai Amad: 'Aku krungu jaré lurah désa ing Kuwaron munggah 

kaji?'

Sujana: 'lnggih, malah wartosipun ngajal wonten ing purug.'
Kyai Amad: 'lnnalillahi. 0, yèn mangkono dadi lurah désa ing 

Kuwaron saiki lowong. Gèk sapa, ya, sing dadi?'

Sujana: 'Dèrèng wonten, embah. Anu, embah, sayektosipun anggèn kula sowan mriki badhé nyuwun pangèstu, kula sageda kadhawahan wahyu lurah dhusun.'
Kyai Amad: 'Aku iki sok gumun menyang kekarepaning para nonoman, wong prakara ngono kok digolèkaké sarat, kuwi rak dudu anggoné. Lha, wong yèn bisa nyarati kang kaya ngono, tenèh ora ana tatanan kang bener. Anu, tholé, dadi saiki aku ngerti, mesthiné anggoné Surasentika [ 36 ]

duwé perlu mau iya ana ambu-ambuné kepéngin katiban wahyu lurah désa, tandhané nganggo nganakaké lakon Wahyu Cakraningrat, iku rak minangka pamuji menyang awaké. Kejaba iku iya perlu golèk daya supaya disuyudi ing wong akèh.'

Sujana: 'Sanadyan makatena, namanipun wahyu, inggih pundi ingkang kuwawi kedhawahan.'

Kyai Amad: 'Yèn ngélingi mangkono, dadi kowé iya kudu ngerti, yèn wahyuning drajat, iku kena disaranani saka tindak kenalaran, tegesé lahir. Ora liya mung kudu sarana lelabuhan kang becik. Lha kowé, anggonmu omah ana ing Patrarejan wis tau duwé lelabuhan apa? Lan manèh kowé kuwi rak dudu wong balabag Kuwaron ta?'

Sujana: 'Inggih sanès balabag Kuwaron, nanging kul a gadhah bengkok sabin wonten ing Kuwaron. Déné prakawis lelabetan, rumaos kula inggih sampun kathah.'

Kyai Amad: 'Yèn saka rumasamu dhéwé, iku durung kanggo. Ala-beciking lelakon, iku tinemu ana ing pamawasing liyan. Angèl, tholé, anjangka wahyu iku. Yèn gampangé becik disèlèhaké, iku gumantung ana ing kabegjan. Généya nganggo kogagas-gagas?'

Sujana: 'Boten, embah. Sayektosipun kula punika gadhah kajeng sanes ...'

Kyai Amad: 'Elo, karep apa manèh, tholé?'

Sujana wicanten seret: 'Anu, embah, sayektosipun kula punika kepéngin mengkoni anakipun pak Surasentika, ingkang namanipun Srikuning punika.'

Kyai Amad mireng ginemipun Sujana ingkang wedalipun seret wau, keraos ngeres ing manah, lajeng nyawang dhateng Sujana, saha lajeng tumungkul kembeng-kembeng. Salajengipun wicanten: 'O, Sujana, bareng aku krungu gunemmu kang mangkono, atiku krasa ngeres, aku ngreti yèn atimu mesthi rusaké. Nanging kapriyé ta, mungguh ing jejodhoan, iku iya luwih gawat. Yèn piandeling wong tuwa, jodho iku dudu gawéaning manungsa. Saya tinemuné ing jaman saiki, jejodhoan iku, tumraping wong-tuwa ora merdika temenan panguwasané menyang anak, iya ana rasané gumantung menyang bocah kang arep anglakoni, iku iya luwih gawat. Yèn aku ngélingi suwargi embahmu iku sadulurku tuwa, aku wajib milu ngembat apa kang dadi kekarepanmu. Nanging kepriyé, nggèr, éwuh anggonku minangkani, awit wang jejodhoan iku kelakoné dudu bangsané sarat lan guna pangasihan, gampangané kudu ana kang nglakoni, wong-tuwa kari nerusi.'

Sujana: 'Embah, sayektosipun, manawi pun Srikuning makaten inggih sampun wonten sajak-sajakipun purun kula pendhet, nanging tiyang-[ 37 ]sepuhipun boten lila sanget manawi kula pendhet. Awit pangajeng-ajeng tiyang-sepuhipun sageda anakipun laki angsal anakipun tiyang sugih.'

Kyai Amad: 'Iki iya jeneng ora klèru, pancèn wis mathuké mangkono, sugih padha sugih, dadi wong sugih ngepèk mantu wong mlarat iku jeneng nyalenèh. Lan manéh, tholé, kowé kuwi tumrapé karo Surasentika jeneng memungsuhan rangkep, sapisan padha rebutan ngarah drajat, kaping pindhoné ngarah anaké. Rekasa kowé, nggèr. Wis ta, mangkéné baé, Sujana, kowé becik narimaa, prakara ngarahmu menyang anaké Surasentika iku prakara buri. Kang luwih perlu kowé saiki tumemena anggonmu nyambut gawé. Tinemuning kanugrahan iku, utamané ora kaya kang jalaran saka dilakoni kalawan tumemening gawé. Wis, nggèr, kowé muliha.'

Sujana tampi wewarahipun Kyai Amad wau, sanadyan namung lugu rembag, inggih adamel mareming manah, saha lajeng pamit wangsul. Kyai Amad nyawang dhateng lampahipun Sujana ngantos tebih. Sareng sampun boten ketingal, lajeng ngucap: 'Muga kasembadana apa kang dadi karepé putuku Sujana.'

R. Hardjowirogo, Srikuning, Jakarta, 1953.