Wb/jv/Barongan

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv
Wb > jv > Barongan

Barongan utawa seni Barong kuwi sawijining kesenian rakyat kang akèh sumebar ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Barongan migunakaké sandhangan utawa perlengkapan kang digawé saka topèng lan kain utawa karung, diwujudaké kaya Singo Barong utawa Singa gedhé kang galak.

Paraga[edit | edit source]

Kesenian iki awujud tarian klompok sing nirokaké solah tingkahé Singabarong kang prakasa lan tokoh liyané yakuwi Bujangganong, Joko Lodro, Reog, Noyontoko lan Untub. Jroning pamentasan seni barongan, para paraga mau jejogètan diiringi nganggo instrumen musik antara liya : Kendhang,Gedhuk, Bonang, Saron, Demung lan Kempul.

Sajarah[edit | edit source]

Kesenian barongan sumberé saka hikayat Panji, yaiku sawijining crita kang diwiwiti saka iring-iringan prajurit nunggang jaran ngawal lelakuné Raden Panji Asmarabangun / Pujonggo Anom lan Singo Barong.

Wacan[edit | edit source]

Pranala njaba[edit | edit source]