Wb/jv/Agama/Islam/Al-Quran/Surat An Naas
Surat An-Naas punika surat ingkang pungkasan (surat kaping 114) wonten ing Al Qur'an. Nami An-Naas dipun pendhet saking tembung An-Naas ingkang kasebat wola-wali wonten ing surat punika. "An Naas" piyambak artosipun "manungsa." Tembung "manungsa" ing basa Arab bènten-bènten. Ing tembung "An Naas", tembung punika ngrujuk kaliyan artos "manungsa" kanthi wadhag. Tembung manungsa bèntenipun ingggih menika "insan" ingkang ngrujuk manungsa saking péranganipun ing batos. Mula, ing surat punika An-Naas (manungsa) kasandingan kaliyan jin ingkang sami-sami saged dados sétan.
Surat punika kalebet golongan surat Makkiyah. Surat punika nganjuraken supados manungsa pados pangayoman dhumateng Allah. Déné, sétan punika saged saking bangsanipun manungsa lan sétan.
Tèks
[edit | edit source]Alih aksara
[edit | edit source]Bismi A l-lahi al-r-Rahmani-al-r- Rahimi
- Qul a’udhu birabbi al -n-nasi
- Maliki al-n-nasi
- Ilahi al-n-nasi
- Min sharri a l-waswasi al-khannasi
- Al-ladhi yuwaswisu fi suduri al-n-nasi
- Mina a l-jinnati wa-al-n-nasi
Cathetan: Aksara ingkang kacithak werni abrit mboten dipun swantenaken.
Jarwanipun
[edit | edit source]- Dhawuha,"Kawula nyuwun pangayoman dhumateng Pangeraning manungsa."
- Rajanipun manungsa
- Sesembahanipun manungsa
- Mugi dipun kalisaken saking pihalaning setan ingkang anggodha
- ingkang ambisik-bisiki ing manahing manungsa
- saking golonganipun jin lan manungsa.[1]
Footnote
[edit | edit source]- ↑ Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.
Pranala Surat
[edit | edit source]