Wb/jv/Adat istiadat
Appearance
Adat iku gagasan kabudayan sing dumadi saka nilai-nilai kabudayan, norma, kabiasaan, kalembagaan, lan hukum adat sing biasa dianut ing sawiji dhaerah. Adat nduweni peran penting kanggo njaga harmoni lan identitas masyarakat tradisional.
Pelanggaran Adat
[edit | edit source]Yen adat ora diugemi, masyarakat bisa maringi sanksi ora resmi marang tumindak sing nglanggar norma adat kasebut. Iki bisa nyebabake kerancuan sosial lan rasa ora nyaman antar warga.
Asal tembung adat
[edit | edit source]Minurut Jalaluddin Tunsam (bangsa Arab sing manggon ing Aceh jroning tulisane taun 1660), adat asal saka basa Arab Adah sing maknane "kabiasaan-kabiasaan jroning masyarakat".