Wn/jv/Tornado ing punjering Amérika Sarékat néwasaké luwih saka 20 jiwa

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Tornado ing punjering Amérika Sarékat néwasaké luwih saka 20 jiwa
NOAA Doppler Radar image of storms after the tornadoes hit.

Minggu, 11 Mei 2008

Minimal 23 jiwa téwas ing dina awan nalika awan-awan peteng angin tornado mbabad punjering w:jv:Amérika Sarékat ing dina Setu 10 Mei wingi. Saliyané iku ana 150 jiwa tatu-tatu lan kurang luwih 3 jiwa ilang. Tornado-tornado iki nyerang kutha-kutha ing negara bagéyan Missouri lan Oklahoma. Wong-wong isih dikon jaga-jaga ing dina minggu iki. Saliyané rong negara bagéyan sing kasebut ing dhuwur iki, wong-wong ing negara bagéyan Georgia lan Alabama uga dikon jaga-jaga.

Ing Picher, Oklahoma ing ngendi tornado dilaporaké wiwit, ana 7 jiwa sing téwas, kalebu bocah cilik siji. Banjur sawisé iku tornadoné manuju Missouri ing ngendi 14 jiwa téwas lan banjur manuju menyang Georgia ing ngendi wong loro téwas. Pamaréntah celathu yèn korban jiwa kamungkinan gedhé bakal munggah.

Ottawa County Oklahoma, where Picher is located.

Akèh omah lan gedhong-gedhong liyané sing rusak total.

Sumber[edit | edit source]

23 dead in Mo., Okla., Ga. after new round of storms. The Benton Crier. 11 Mei 2008]