Wn/jv/Soerastri Karma Trimurti séda ing Jakarta

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Soerastri Karma Trimurti séda ing Jakarta

Slasa, 20 Mei 2008

Soerastri Karma Trimurti, wartawan senior ugi pejuwang wanita garwanipun Sayuti Melik séda wanci pukul 18.20 ing Griya Sakit Pusat Angkatan Darat (RSPAD) Jenderal Gatot Subroto, Jakarta. Panjenenganipun tilar donya ing yuswa 96 taun amargi gerah radhang usus lan tekanan getih asor ingkang dipuntandhang. Layonipun miturut rencana badhé dipunsarèaken ing Taman Makan Pahlawan Kalibata amargi panjenenganipun salah satunggiling seksi proklamasi kamardikan Indonésia.

Sumber[edit | edit source]