Wn/jv/Pabrik kasur kobong ing Casablanca, 55 jiwa téwas

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Pabrik kasur kobong ing Casablanca, 55 jiwa téwas

Setu, 26 April 2008

Ing Casablanca, Maroko ana pabrik kasur sing kobong, Setu wingi. Geniné wiwit ing lanté dhasar lan pungkasané sagedhung dadi entèk kobong. Ana 55 kurban jiwa lan 12 wong tatu-tatu.

Pabrik kasur iki jenengé Rosamor Ameublements lan papané ana ing tlatah Hay Hassani. Pabrik iki duwé buruh 150, lan nalika kobong kira-kira ana 60 nèng jero pabrik.

Sumber[edit | edit source]