Wn/jv/Markis/Hendra ngrebut emas sepisanan Indonésia

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv

Setu, 16 Agustus 2008

Markis Kido lan Hendra Setiawan nyumbang emas sepisanan kanggo Indonésia ing ajang Olimpiade Beijing 2008 sawisé kasil ngalahaké gandha putra andhalan Tiongkok Cai Yun lan Fu Haifeng ing final dina Setu kanthi skor 12-21, 21-11, 21-16.

Sawisé pertandhingan, kaya dilapuraké Antara, Markis Kido nelakaké: "Kula kekalih misungsungaké kamenangan iki kanggo Républik Indonésia sing ulang taun kaping 63 sesuk (Minggu)." Saka cabang badminton, Indonésia sadurungé ing dina Setu, uga antuk medali perunggu saka tunggal putri Maria Kristin Yulianti sing ngalahaké pamain tuan rumah, Lu Lan kanthi skor 11-21,21-13,21-15.

Sumber[edit | edit source]