Wn/jv/Lukisan potrèt Elizabeth I ditemokaké

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Lukisan potrèt Elizabeth I ditemokaké

Slasa, 27 Mei 2008

Potrèt langka Ratu Elizabeth I nalika isih timur ditemokaké ing antarané kolèksi Duke of Buccleuch ing Boughton House, kawasan Northamptonshire, Inggris tengah.

Ing lukisan sing digawé watara taun 1650 lan 1680 katon Elizabeth barengan karo sadulur-saduluré Edward VI lan Mary I, uga ramané Henry VIII sarta tukang lawaké, Will Somers.

Foto tiron saka lukisan asliné sing diprakirakaké digawé ing awal taun 1550-an wis ditliti déning pakar sajarah Alison Weir lan Tracy Borman sawisé antuk informasi ngenani anané lukisan kasebut saka Direktur Boughton House.

Lukisan iku bakal dipameraké ing Boughton House kanthi pangajab bisa nglacak lukisan asliné.

Sumber[edit | edit source]