Wn/jv/Gempa 6,8 skala Richter ngguncang Jepang

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Gempa 6,8 skala Richter ngguncang Jepang

Kemis, 24 Juli 2008

Gempa kanthi kekuwatan 6,8 skala Richter ngguncang wilayah lor Jepang, Kemis (24/7) esuk. Badan Meteorologi Jepang nelakaké gempa ora marakaké ancaman tsunami. Nanging, akibat gempa dilapuraké paling sithik 113 wong cidra lan 17 ing antarané tatu serius.

Pusat gempa ana ing kajeron 108 kilometer wilayah prefektur Iwate. Guncangan gempa krasa tekan rong wilayah liya kalebu Prefektur Aomori, papan pambangkit listrik tenaga nuklir Higashidori lan ing Miyagi, lokasi pambangkit listrik tenaga nuklir Onagawa.

Sumber[edit | edit source]