Wn/jv/Ditemokaké jinis anyar iwak banyu tawar

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Ditemokaké jinis anyar iwak banyu tawar

Slasa, 17 Juni 2008

Panliti iwak saka Universitas Tadulako, Palu, Sulawesi Tengah, Fadly Y Tantu lan Jusri Nilawati, nemokaké sapérangan jinis iwak banyu tawar sing asalé saka tlaga-tlaga lan kali-kali ing bagéyan tengah Sulawesi.

Ing kawasan Tlaga Malili waé, jaré Jusri, ana 32 jinis iwan endemis, ing antarané limang jinis iwak sing lagi waé ditemokaké spesiesé. Jinis-jinis kasebut ngliputi telung famili Telmatherinidae, yaiku spesies Telmatherina whitelips, T bagangensis, lan T exilis, sarta rong famili Gobiidae, yaiku spesies Glossogobius spilii lan Mugilogobius flavus.

Jinis-jinis iwak iki arupa asil kolèksi saka panlitèn sing dipimpin Prof Dr Bambang Soeroto, MSc. Spesies iwak-iwak kasebut dikolèksi sawisé panjenengané nindakaké sarangkèyan panlitèn wiwit taun 2000 tekan 2008 iki. ”Tekan saiki panlitèn isih diterusaké,” ujaré Fadly, Minggu (15/6). Temon iku wis digenahké ing Seminar Iwak V sing dileksanaké déning Masarakat Iktiologi Indonésia (MII) ing Institut Pertanian Bogor, awal Juni kepungkur.

Sumber[edit | edit source]