Wn/jv/Casey Stoner jawara ing Assen

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Casey Stoner jawara ing Assen

Minggu, 29 Juni 2008

Pambalap Australia, Casey Stoner, ora kabendung kanggo dadi jawara MotoGP Walanda saka lomba sing dumadi Setu (28/6) ing Sirkuit Assen.

Start saka urutan angka siji, Stoner ora kasusul pambalap liyané tekan mlebu ing garis finis. Stoner nyathet wektu 42 menit 12,337 detik nalika ngrampungaké 26 puteran.

Papan angka loro direbut pambalap Spanyol, Dani Pedrosa, sing ketinggalan 11,310 detik saka Stoner éwadéné pambalap Amérika Sarékat, Colin Edward, ngrebut peringkat katelu.

Sumber[edit | edit source]