Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Tembung ing Basa Jawa/Tembung garba
From Wikimedia Incubator
Wb > jv > Kawruh Basa Jawa > Tembung ing Basa Jawa > Tembung garba
< Wb | jv | Kawruh Basa Jawa | Tembung ing Basa Jawa
< Wb | jv | Kawruh Basa Jawa | Tembung ing Basa Jawa
Tembung garba yaiku tembung kang asline seka tembung loro (2) utawa luwih kang dadi wujud anyar.
Upamane:
- ana + ing = anèng
- siti + inggil = sitinggil
- nara + indra = narendra
Tembung kaya ngéné iki lumrah ana ing basa ngendi waé. Éwa semana, ing basa Jawa Kuno lan Tengahan, tembung garba akèh digunaaké ing tetembangan. Para ahli purbakala migunaaké uga kanggo ngira-ira jeneng lan tetembungan jaman lawas.
Conto liyané:
- kawi + indra = kawindra
- prapta + ing = praptèng