Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Dhialèk/Dhialèk Blora/Cinta monyèt

From Wikimedia Incubator
Jump to: navigation, search
Cinta monyèt

Sakploké manggon nèng Kaliwangan, Paimin sabrayat sangsaya kepénak uripé. Ancèné béda banget karo kaanané Paimin nalika ijèk dadi blantik sapi sing gawéné mok grudag-grudug, ngalor ngidul nggiring sapi. Angger Pon budhal nggiring sapi-sapiné juragan paraké nèng Pasar Wagé Ngawèn, terus benginé digiring enèh nyang Pasar Kéwan Kunduran, terus Wirosari, Ngantru balik enèh nèng Pasar Kéwan mBlora. Bareng wis ngalèh Kaliwangan, saikiné warungé saya tambah ramé. Nganti tau ana slenthang slenthing nèk Paimin iku jaré ngingu thuyul barang. Nanging kabar ora nggenah mau ora patèk dirèwès karo Paimin. Ndak iya lèh ngingu thuyul, wong ibadahé kencengé ora mekakat ngono thik.

Malah Suminem bojoné, saiki kétok lèhé tambah béntrok, dhénok dhéblong moblong-moblong sakwisé bayèn anaké wédok sing ucik dhéwé sing dijengakna Wartini. Lha piyé, saiki Suminem iso léha-léha ambèk nunggoni warung, wis gak usah marik-marik ngiderna dagangan. Apa enèh saiki akèh wong éwoh mantu dadi sering buoh, jagong ngantèn karo mangan énak terus. Durung kemilané, lha angger soré nèng méja wis thérék-thérék jajanan cepakané anak bojoné, ana limpang-limpung, godrès, ora kèri sangkolun karemané sing lanang. Kadhang-kadhang nyepaki senengané Mariyun yaiku nagasari ambèk bongko menir, lha nèk Maridjan paling seneng grontol, cenil, lan dumbeg, sing wujudé kaya slomprètan kaé.

Rasané kaya-kaya lagèk sedhiluk Paimin manggon nèng Kaliwangan kuwi, nyatané wis mèh genep pitung tahun. Gandhèng wis rumangsa rodok mapan, anak-anaké sing jenengé Mariyun karo Maridjan wis disekolahna nèng SMP1 cèreg kuburan nJlubang, sekolah sing paling top sak mBlora. Ning dhasar mbeleré ora majad, kesèd tur rodok bodho lan seneng mbolos, Mariyun tau ora munggah, mulané malah dadi sak kelas karo adhiné, si Maridjan. Lucuné, najan beled, angger ditakoki uwong jaréné suk embèn Mariyun kepingin dadi dhokter bedhah. Eala.. Yun Yun.. ancène dadi dhokter iku guampung pa piyé lèh? Sawijining dina, Mariyun ambèk Maridjan tau telat mlebu sekolah merga isuk-isuk wis èpyèk nyetrika klambi seragam sing gung patèk garing merga sedina muput udan deres poh pinoh. Tekan njero kelas mak jebrèt langsung ditakoni karo Bu Kus guru Bahasa Indonesia sing ngrangkep Wali Kelas 1b: "Mariyun… Mariyun.. généya lèh kowe thik telat iki maeng??" Mariyun (karo rodok kamisosolen merga arep mblidhuki bu guru): "Anuu buk.. ndhék dalu kula niku ngimpi késah teng Jakarta terus wangsulé kepancal sepur dados saknikiné telatt…"

Bu Kus nyauri kanthi sabar: " Ee ngonooo ta… Lha kowé Maridjan.., généya thik telat? Apa kowé ya melok mas-em mlaku-mlaku nèng Jakarta??" Dhasar bocah ndakik, Maridjan malah éntuk alesan sing cocok: "Anu buuk.. kula namung mapag mas Mariyun teng tasiun Kedung Kluwèh…ban pité gembot ting mergi" Bu Kus : "Oo ngono, ya uwis saikiné kowé cah loro terusno mlaku-mlaku .. nanging nèng kuburan nJlubang kono ngantèk jam pelajaranku entèk ya.. nèk wis thèng engko lagèk olèh mlebu kelas..!!" Mariyun ambèk Maridjan (koor): "Matur nuwuun bukkk….” Dhasar bocah mbedhig lan tambeng, Mariyun ancèn kerep kena setrap, pas pelajaran Aljabar ora krasa sikilé tau jégrang methangkring nèng ndhuwur bangku, ya mesthi aé konangan karo pak Mukri. Karo mlintir brengosé, karepé bèn rodok sangar, pak Mukri guru Aljabar marani bangkuné Mariyun karo celathu: " Hé...lé… sikil-em thik mbok unggahno bangku.. anggik-em iki warung kopi apa piyé??!!" "Terus.. guru-em iki asaem mbok anggep apaa..??!!"

Kanthi rodok glagepan Mariyun njawab sakkecandhaké: " Anuu pak.. bapak nggih ingkang sadé wédang ngoten…?! Ééh anu pak .. ingkang gadhah warung… èh… ingkang….." "Wis kana ngadeg nèng ngarep blabak… dhasar pokil!!" Béda enèh si Maridjan, ancèn bocahé pethel tur nurutan karo guru. Critané bareng ana program béasiswa anak berprestasi saka "ILUSA" yaiku sawijining organisasi alumni sekolah mBlora, murid-murid sing kira-kira pantes olèh béasiswa dikon ngisi formulir ambèk pak Bandi. Maridjan sing wedi nèk kliru ngisiné dhiluk-dhiluk takok guruné. Maridjan: " Asma tiyang sepuh dipun isi teng ngriki pak??" Pak Bandi: "Iya lé.." Let sedhiluk Maridjan takok enèh: " Alamat tiyang sepuh nggih dipun isi teng ngriki??.." Pak Bandi (wis rodok nggondhik): "Iyaa..iyaa ditulis sing lengkap sak RT RT né sisann.." "Jan nggondhikno tenan ok cah iki.." ngono bathiné pak Bandi. Maridjan: "Jenis kelamin orang tua nggih dipun isi teng ngriki pak??" Pak Bandi (wis ilang kesabarané): "Gak usah lé… gambaren aé…"

Tau isuk-isuk Mariyun pas lali ogak nggarap PR pelajaran Civic, mangka guruné sing jenengé pak Sur iku awaké gedhé dhuwur tur rodok kereng. Timbang disenèni utawa dikaplok pak Sur terus Mariyun golèk akal bulus. Klambi seragam putèhé diuwel-uwel sithik terus diblawuri lemah, rambuté digawé morak-marik lan njemburig awut-awutan. Tekan kelas ya dadi tontonan kanca-kancané, nanging Mariyun ora klenggut, malah njegidheg aé karo rodok pasang rai susah. Bareng Pak Sur mriksa PRé murid-murid, pas cèreg Mariyun ya rodok kagèt : "Loh Yun… kenapa kowé thik babak bundhas ngono lèh??" Urung ngantèk nyauri wis diterusno: "Endhi PR-em??" Mariyun matur karo émba-émba sedhèh: "Anu pak.. kula wau dicegat bégal teng pinggir Kali Lusi…" Pak Sur kagèt terus ndhedhes: "Lha terus.. kowe dikeplaki? Sangu-em dirampas??" Mariyun njawab karo ndhingkluk: "Mboten pak..ingkang dipun rampas kalih bégal nggih namung buku Civic kula… nggih niku wau sak PRé pindhah" Pak Sur mikir sedhélok terus mèsem: Éé…jan pinter tenan kowé lé.. nèk ngono, kéné aku aé sing ngaplok… dhuasar kuesèddd..!!!

Jaman bengèn iku sing ngulang Cara Inggris SMP 1 asmané pak Rusman. Wah priyayiné ancèn alus tur suabarr banget, dadi murid-murid dha tresna tenan karo pak Rusman. Nanging murid sing kesèd dha olèh kesempatan nyambi theklak-thekluk ngantuk, lha nèk sing mbedhig ya luwung mbolos aé lèh cah. Merga ogak krasan tur blas kethiplas gak mudheng ngrungokna umak-umiké pak guru, angger pelajaran Cara Inggris Mariyun mesthi ndang gagénan mbolos, kadhang-kadhang terus jablas mulèh nèng Kaliwangan, kadhang-kadhang pènèkan jambu ménté lan juwet sik nèng kuburan nJlubang utawa main ping-pong nèng Tirtonadi ambèk kancané sing padha mbedhigé yaiku Sing Liem. Pas nasibé sobèk, sawijining dina lagèk énak-énak mbolos tibaké diabsen ambèk pak Rusman, kepeksa isuké Mariyun disetrap, dikon ngadeg ambèk ngacungna sulak nèng ndhuwur lemari kantor tata usaha. Bareng tampa rapot, ya wis karuwan aé nèk bijiné abung, alias jan mok éntuk papat tenan. Senajan ijèh mambu kencur, Mariyun wis kawit wani nge "sir" cah wédok, Nastiti jengené. Kanca sak kelasé sing linggèh bangku ngarep dhéwé iku ancèn ayuné por. Kulité sawo mateng kepara rada ireng manis, dedegané lencir tur suméh. Paribasané nèk arep dialem ya sasat entèk ngamèk kurang golèk utawa kurang candra turah rupa. Lha piyé wong bangkekané jan mbrangkik nawon kemit, mripaté ndamar kanginan, kathik nèk ngguyu dhekik pipiné. Saking ayu lan pinteré, angger kegiatan sekolah mesthi katut kepilèh, kayata drumband sekolah, klompok panembrama, seni tari, pengibar bendera, wah ya ancèn wis ora anèh nèk akèh murid-murid sing dha ngesir Nastiti, klebu Mariyun sisan. Sangsaya suwé atiné Mariyun sangsaya kepéncut karo Nastiti. Malah kena diarani nèk Mariyun lagèk nandhang wuyung kaya crita wayang lakon Gatotkaca gandrung kaé. Mula ora gumun nèk kéri-kéri iki Mariyun gawéné plenggang-plenggong ngalamun golék dalan piyé carané supaya bisa nyedhaki Nastiti. Snajan rodok mrongga-mranggu nanging kalah karo semangaté, Mariyun sidané nékad nembung arep dolan nèng omahé Nastiti. Ndahiba mongkog atiné Mariyun nalika kasil janjian nèk suk Minggu mèh teka nèng omahé Nastiti saperlu nyilèh buku cathetan ilmu ukur. Alasané, cathetané gak komplit merga linggèhé nèng ngguri dhéwé dadi ora patèk jelas.

Tekan titi wanciné dina Minggu, Mariyun wis siap-siap kawit ésuk, diplalah ora mélok bal-balan ambèk kanca-kancané. Ketara men lèhé seneng atiné, adusé ambèk anyul. Jungkasan aé suwéné ora majad, jambulé bolak balik dikèki pomid ben kétok gilap lan ora morak-marik nèk keterak angin. Terus milèh klambi sing paling uapik dhéwé tur disetrika ndisik nganggo lilin, karo ora lali nganyari sabuk sing ditukokna mboké lebaran wingi. Bar kuwi banjur nyéngklak pit jèngki kesayangané, gita-gita arep merdhayoh nèng omahé sir-sirané. Ambèk ngonthèl alon-alon urut dalan Kamolan, Mariyun wis mbayangna nèk engko ketemu Nastiti sing merak ati. Ndahnéya senengé nèk engko Nastiti sing mbukakna lawang kanthi èsemé sing marakna jantung dheg-dhegan. Ndahiba senengé nèk engko dijak linggèh wong loro nèng ngisor wit kèrsen ngarep omahé, terus… terus….

Tekan prapatan gedhung GNI, mak slier pité diénggokna ngulon nuruti dalan Pirukunan, ora patèk adoh wis tekan omah nomer 11, yaiku omahé Nastiti sing lataré jembar lan édhum. Omahé tembok kaya modhèl omah Londo, ngarepé ana wité pelem karo kèrsen sing godhongé ngrembuyung. Nèng ngarep omah kétok ana brompit anyar diparkir nèng ngisor wit. "Wah mbokmenowo iki nggèké bapaké," bathiné. Mariyun karo alon-alon nyèndhèkna pité, ambèk dheg-dhegan terus mundhuk-mundhuk nyedhaki lawang. Sajaké lagèk ana dhayoh merga krungu swarané wong ngobrol gayeng. Mariyun mbathin enèh : "Wah, mbokmenawa bapaké lagèk nampa dhayoh iki," banjur diwanèk-wanèkna nothok lawang, .. thok.. thok.." Kulo nuwun…" Mariyun uluk salam. Mak jegagik! dadakan ana wong bergas, dhuwur, keker lan brengosé njlarit kaya bintang film, ngakno lawang. Mariyun kagèt kaya disamber bledhèg nalika sadhar nèk sing ana ngarepé iku jebul Pak Guritno, guru PD (Pendidikan Djasmani) anyar, sing lagèk dadi idholané murid wédok sak sekolahan. Wektu semono Pak Guritno nganggo kaos biru lan sepatu putèh, kétok gagah banget. Mariyun lagèk mudheng nèk jan-jané sing ngobrol gayeng mau dudu bapaké nanging malah Nastiti dhéwé karo pak Guritno! Kontan, balungé Mariyun kaya dilolosi, nglempreg mèmper plendhungan dicoblos dom bundhel, mak ceeessssss….. Bumi rasané sumyur langit kelap-kelap, nèk ora cekelan kusèn mesti wis ndhéprok nèng ngarep lawang persis kaya petinju kalah KO. Mariyun njingkat kagèt nalika krungu suarané Nastiti: "Iki lho Yun, buku cathetan sing mèh mbok silèh, wis tak cepakna." Kepeksa kanthi glagepan Mariyun nyauri : "Éh iya, iya, matur nuwun, tak terusan aé yaa ….. " Ora nganggo ba bi bu, Mariyun pamit terus mak klépat gagé-gagé njipuk pité. Senajan lamat-lamat krungu suarané Pak Guritno: "Lho kok kesusu…." nanging Mariyun wis ora nggabrès, terus nggenjot sepédha sak polé, kaya-kayaa pengin mlayu sipat kuping bèn cepet ngadoh saka panggonan sing ujug-ujug krasa kaya neraka iku. Turut ndalan sambaté Mariyun ngaruara: "Nastiti… Nastiti… thik apes men lèh nasibku." Atiné Mariyun sangsaya kejuing-juing nalika capet-capet saka radio krungu lagu sing lagi ngetop wektu semono: "Patah hatiku jadinya, merana berputus asa… "

Dhaptar tembung[edit]

  • Anggik-em = menurutmu
  • Anyul= singsot = bersiul
  • Barang = segala
  • Bedhig = mbedig = nakal
  • Beled = bodoh
  • Beler = mbeler = nakal
  • Bengèn = dulu
  • Béntrok = moleg, bahenol
  • Blas kethiplas = sama sekali
  • Blidhuk = bohong
  • Brangkik = kecil (untuk pinggang)
  • Brompit = motor
  • Buoh = nyumbang pada acara kawinan
  • Cèreg = èreg = dekat
  • Dakik = ndakik = banyak akal
  • Dhénok dhéblong = moleg, bahenol,
  • Dhiluk-dhiluk = sebentar-sebentar
  • Diplalah = malahan
  • Éwoh = punya kerja
  • Gabres = nggabres = peduli
  • Gèké = wèké = nggèké = miliknya
  • Gembot = kempes
  • Gondhik = nggondhik = jengkel
  • Guampung = mudah sekali
  • Ijek = ijeh = masih
  • Jegidheg = diam saja
  • Jemburig = rambut acak-acakan
  • Jengakna = jenakna = diberi nama
  • Jengen = jeneng = nama
  • Kejuing-juing = tercabik-cabik
  • Keker = berotot = atletis
  • Klénggut = peduli
  • Linggèh = duduk
  • Maeng = mau = tadi
  • Marik-marik = ke sana-ke mari
  • Moblong-moblong = moleg, bahenol
  • Mok = ming = mung = hanya
  • Morak-marik = berantakan
  • Mrongga-mranggu = ragu-ragu
  • Ndahiba = betapa
  • Ndahnéya = betapa
  • Ndak iya = masak iya
  • Ngakno = membukakan
  • Ngaruara = menyedihkan
  • Ora majad = luar biasa/sangat
  • Ora mekakat = luar biasa/sangat
  • Plendhungan = balon
  • Plenggang-plenggong = bengong
  • Pokil = suka membantah
  • Polé = sekuatnya
  • Por = luar biasa/sangat
  • Sasat = malahan, sama saja
  • Sipat kuping = cepat sekali
  • Sobèk = sial
  • Sumyur = hancur lebur
  • Tambeng = bandel
  • Thérék-thérék = berderet-deret
  • Ucik = bontot/paling akhir
  • Udan deres poh pinoh = hujan lebat
  • Ujug-ujug = tiba-tiba
  • Wuyung = kasmaran = jatuh cinta

Deleng uga[edit]