Wp/osi/Suku Ambon

From Wikimedia Incubator
< Wp‎ | osi
(Redirected from Wp/osi/suku Ambon)
Wp > osi > Suku Ambon

Suku Ambon yaiku suku kang manggon ana ring Pulau Ambon, Hitu lan Saparua Propinsi Maluku. Suku iki asalé teka Pulo Séram kaya suku-suku hang sulung manggon ring Maluku Tengah. Wong-wongé nganggo Basa Ambon, basa aseli hang akèh nyonto Basa Melayu. Wong Ambon akeh-akehe megawé nong kebonan nandur pari lan wowohan uga ana tanduran kebon. Panganan utamané yaiku sagu hang bengén gampang digoléti nong alas-alasan, saiki wis ditandur ring kebun kaya wit kelapa.

Wong Ambon ngitung garis seduluran manut garis keturunan wong lanang (Keluwarga Batih). Wong Ambon ngarani désané "Negeri", ketuané kejuluk "Bapa Raja" hang ditulung ambi Saniri Negeri. Lembaga iki ana rong macem yaiku Saniri Negeri Lengkap lan Saniri Negeri Besar. Bapa Raja duwé penulung arané Marinyo. Negeri siji lan sijiné ditalèni ambi persatuan hang kejuluk Pela. Saiki wong Ambon wis meluk agama Islam lan Kristen. Bengèn wektu dijajah Londo ramé didhayohi bangsa liya sainnggo muncul Tuni, Moni, Mahu, lan Wahan. Wahan yaiku julukan suku-suku bangsa hang asalé teka pulo sak ubengé Pulo Ambon, kaya wong Ternaté, Banda, lan Buru[1].

Referensi[edit | edit source]

  1. Hidayah, Zulyani. Ensiklopedia suku bangsa di Indonesia. Jakarta. ISBN 9789794619292.