Wp/osi/Waduk Bajulmati

From Wikimedia Incubator
< Wp‎ | osi
Wp > osi > Waduk Bajulmati

Waduk Bajulmati iku waduk / embung kang ana ring perbatasan wilayah Kabupaten Banyuwangi ambi Kabupaten Situbondo. Sumber banyu teka waduk iki njuwut lan mbendung Kali Bajulmati. Daerah Tangkapan Air (DTA) Waduk Bajulmati iki kira-kira 98.43 km2, lan bisa nampung banyu kapasitas maksimalé sampé 10 juta m3. Waduk Bajulmati iki ana ring Desa Watukebo, Wongsorejo, Banyuwangi, lan Desa Wanarejo, Banyuputih, Situbondo. Waduk iki parek ambi Jalan Nasional Rute 1 ruas Kabupaten Banyuwangi-Kabupaten Situbondo lan jaraké 38 km pinggir lor teka Banyuwangi, Banyuwangi.

Pembangunan[edit | edit source]

Waduk Bajulmati iki mangkat dibangun sakat taun 2006 lan sedurungé wis ngeliwati proses analisis, survei lan liya-liyané sakat taun 1980an. Pembangunan tahap II dianakakén sakat taun 2008 lan sempat mandhek ring taun 2010 kerana ana revisi desain fondasi kang sedurunge ngerembes. Waduk Bajulmati bener-bener tuntas taun 2015 lan resmi difungsikaken awal taun 2016 sakwisé ngisi banyu ring waduk selama 13 wulan. Total anggaran pembangunan waduk iki kira-kira 420 miliar rupiah [1].

Manfaat[edit | edit source]

1. Irigasi Banyu teka waduk Bajulmati iki dimanfaataken kanggo lahan pertanian seluas 1.800 ha ring Kabupaten Banyuwangi lan Kabupaten Situbondo. Anane waduk iki turut nulungi produktivitas pertanian kerana daerah perbatasan Kabupaten Banyuwangi-Kabupaten Situbondo iki terkenal daerah kang gersang lan soro banyu. Sedurungé, lahan pertanian ring daerah iku mung bisa ditanduri ping loro saban taun, lan saiki bisa ditanduri ping telu saban tauné [2]

2. Pembangkit Listrik Tenaga Mikrohidro (PLTMH) Potensi waduk iki bisa ngasilaken listrik kira-kira 0,34 megawatt. Naming sampé saiki mageh terus dadi kajian antara pemerintah lan swasta.

3. Pariwisata Waduk Bajulmati saiki pisan dimanfaataken dadi objek wisata, papané dianggep strategis kerana parek ambi Kawasan Taman Nasional Baluran lan ana ring jalur dalan Jalan Nasional. Selain pemandangané kang apik, waduk iki bisa dienggo mancing[3].

4. Kebutuhan Banyu Rijig Waduk Bajulmati dadi penyedia kebutuhan banyu rijig kang dikonsumsi sekitar 18.000 KK ring Wongsorejo, Banyuwangi, kebutuhan konsumsi pelabuhan lan industri.

Rujukan[edit | edit source]

  1. http://www.kabarbanyuwangi.info/waduk-bajulmati-rp-420-miliar-segera-beroperasi.html
  2. https://web.archive.org/web/20180205012322/http://www.beritasatu.com/nasional/407756-waduk-bajulmati-banyuwangi-siap-aliri-1800-hektar-sawah.html
  3. http://nasional.republika.co.id/berita/nasional/daerah/17/01/14/ojrinl284-waduk-bajulmati-situbondo-jadi-lokasi-wisata-memancing