Wn/jv/Walanda ora bakal trima yèn Konferènsi Anti-Rasisme PBB taun ngarep dienggo ndakwa Israèl minangka negara rasis

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Walanda ora bakal trima yèn Konferènsi Anti-Rasisme PBB taun ngarep dienggo ndakwa Israèl minangka negara rasis
Maxime Verhagen

Minggu, 18 Mei 2008

AMSTERDAM – Negara Walanda ora bakal nrima menawa taun ngarep ing konferensi PBB bakal ana upaya manèh kanggo ngecap Israèl minangka sawijining negara rasis, miturut Menteri Luar Negeri Walanda, Maxime Verhagen dina Minggu iki. Verhagen nyatakaké perkara iki nalika patemon ing CIDI (Centrum Informatie en Documentatie Israel utawa "Punjer Informasi lan Dokumèntasi Israel") kanggo tanggap warsa Israel sing kaping 60.

Verhagen nyatakaké yèn konferensi PBB sadurungé ing taun 2001 ing Durban, Afrika Kidul dadi gagal, antara liya amerga sawetara negara-negara Arab ndakwa yèn Israèl sing negara mayoritas Yahudi iku negara rasis lan kepéngin nulis perkara iki ing pranyatan pungkasan.

Walanda iku terlibat panyepakan-panyepakan konferènsi PBB iki ing taun 2009. Banjur Verhagen uga nyatakaké yèn Walanda ora bakal ragu narik dhiri yèn perkara iki bakal dumadi manèh. 'Perkara iki ora bisa ditampa yèn Israèl didakwa déning negara-negara sing isih kudu nglakoni dalan dawa ngedegaké démokrasi lan ngregani hak-hak dhasar manungsa.'

Lokasi konferensi PBB iki durung bisa ditetepaké. Nanging mbok-menawa bakal dianakaké ing Durban manèh.

Sumber[edit | edit source]