Wn/jv/Sawijining wong wadon ditangkep pulisi sawisé mondhok mèh sataun sajroning lemari

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Sawijining wong wadon ditangkep pulisi sawisé mondhok mèh sataun sajroning lemari
Lemari

Setu, 31 Mei 2008

Ing kutha Kasuya, Fukuoka, Jepang, ana sawijining wong wadon glandhangan umur 58 taun sing dicekel pulisi sawisé ana bukti ing vidéo kamera ing omahé sawijining wong lanang sing jenengé ora dibèbèraké.

Miturut pulisi, Tatsuko Horikawa urip ing jero lemari mèh sataun. Sawijining dina, wong wadon iki mlebu omahé wong lanang iki nalika lawang ngarepé ora dikancing. Sawisé iku dhèwèké saben dina njupuk panganan sithik saka pawon lan uga adus. Nalika wong lanang iki nitèni panganané ilang, dhèwèké banjur masang kamera amerga nggagas ana sing nyolong.

Wong wadon iki ndokok sawijining kasur cilik sajroning lemari lan nalika pulisi ngglédhah omah iki, wong wadon iki iki ditemokaké nglémah ing jero lemari.

Tatsuko Horikawa sing diarani pulisi "rapi lan resik", bakal dituntut.

Sumber[edit | edit source]