Wn/jv/Rampog brutal ing toko emas Aladin, Surakarta mawa gaman api

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Rampog brutal ing toko emas Aladin, Surakarta mawa gaman api

Kemis, 1 Mei 2008

Ing toko emas Aladin, Pasar Jongké, Surakarta ana kadadéan rampog brutal. Para rampog iki nganggo gaman api lan cacahé ana 6. Para durjana iki numpak sepéda motor lan némbak-némbak saidhengé sembari mlebu toko. Telung pangunjung toko langsung ambruk. Salah siji korban anama Ranum Utomo (22 taun). Rampog iki dumadi ing jam 13.45 WIB.

Sawisé ngrampog toko Aladin, para durjana banjur ngrampog toko emas Kausar ing sisihé. Bandha sing digawa arupa emas 4 kg lan dhuwit Rp 3 yuta.

Sumber[edit | edit source]