Wn/jv/Petir nyamber ing sawijining taman ing Connecticut matèni wong 1 lan wong 4 tatu-tatu

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Petir nyamber ing sawijining taman ing Connecticut matèni wong 1 lan wong 4 tatu-tatu

Senèn, 9 Juni 2008

Sakurang-kurang 4 jiwa tatu-tatu lan 1 ing antarané "serius banget", lan minimal wong siji téwas disamber petir nalika ana prahara ing sawijining taman ing Madison, Connecticut.

Miturut cabang Déwan Pangreksa Alam, petir iki nyamber sawijining pavilyun ing kira-kira jam 17:00 wektu Amérika Wétan ing Hamonasset Beach State Park.

Jeneng-jeneng para korban iki durung dirilis. Minimal wong 4 isih diopname ing Griya Sakit. Mèh 26.000 jiwa ora duwé listrik nalika ana prahara ing wilayah iki.

Sumber[edit | edit source]