Wn/jv/Pegulat Luo Meng diukum salawasé

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Pegulat Luo Meng diukum salawasé

Kemis, 3 Juli 2008

Pegulat andhelan Tiongkok, Luo Meng, ora isa melu tandhing ing Olimpiade Beijing. Piyambaké diukum salawasé urip amarga kabukti migunaaké doping.

Nyeraki Olimpiade Beijing 2008, Luo arupa atlèt top Tiongkok angka loro sing diukum salawasé urip amarga doping. Sadurungé, atlèt sing éntuk ukuman sarupa yaiku perenang top Tiongkok, Ouyang Kunpeng. Piyambaké kabukti migunaaké steroid clenbuterol.

Atlèt sing konangan sepisanan migunaaké doping biasané ming diukum ora éntuk tampil sakwéné rong taun. Nanging, nyeraki Olimpiade Beijing, sing bakal dumadi wulan ngarep, Tiongkok tegas marang atlèt panganggo doping.

Sumber[edit | edit source]