Wn/jv/Para vandal ing Amsterdam nggembosi ban luwih saka 100 mobil
Appearance
Jemuwah, 30 Mei 2008
AMSTERDAM - Para palaku aksi vandalisme ing Amsterdam, Walanda ing dina Kemis wengi/Jemuwah ésok 30 Mei 2008 iki nggembosi ban-ban saka luwih saka 100 mobil. Para durjana iki durung kecekel, nanging Pulisi Amsterdam wis duwé sinyalemèn lan ngundhang para saksi supaya padha lapur.