Wn/jv/Pamaréntah netepaké awal Ramadhan 1 September

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Pamaréntah netepaké awal Ramadhan 1 September

Minggu, 31 Agustus 2008

Pamaréntah ngumumaké 1 Ramadhan 1429 tiba ing dina Senèn, 1 September 2008.

Kaputusan iku diwacakaké Mentri Agama Maftuh Basyuni sawisé nggelar sidang ishbat ing Departemen Agama, Jakarta, Minggu soré.

Sawisé pengumuman awal wulan Ramadhan iku, wiwit jam 19.40 WIB jamaah sekitar padha teka ing Masjid Istiqlal kanggo ngeksanakaké sholat tarawih.

Swasana masjid paling gedhé ing Asia Kidul-Wétan sing bisa nampung udakara 200 éwu jamaah iku katon rada sepi. Lapangan parkir uga katon ora patiya kebak.

Sumber[edit | edit source]