Wn/jv/Olimpiade 2008 ing Beijing dibukak

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
(Redirected from Wn/jv/Olimpiade 2008 ing Beijing, Cina dibukak)
Wn > jv > Olimpiade 2008 ing Beijing dibukak

Jemuah, 8 Agustus 2008

Lambang Olimpiade

Diseksèké déning 80 pamimpin Negara, saka Présidhèn Amérika Serékat George W. Bush nganti Présidhèn Timor Lèsté Ramos Horta, pesta olahraga ssadonya kasebut dibukak sacara resmi ing Stadion Nasional Beijing sing uga dijuluki Susuh Manuk (Bird's Nest) tanggal 08-08-08 (8 Agustus 2008) jam 8 bengi wektu Beijing utawa jam 18.15 WIB. Pamilihan wektu sarwa angka 8 iku diyakini budaya Tiongkok bakal nggawa kauntungan.

Tiongkok kanthi pedunung 1,3 miliar, nyiapaké dhiri kanggo nggelar Olimpiade usum panas kaping 29 iki sakwéné pitung taun.

Prosèsi pambukaan Olimpiade Beijing 2008 suwéné mèh 3,5 jam. 24 stasiun TV resmi nyiarké langsung acara kasebut, kalebu TVRI, marang watara 4 miliar panonton ing saindhenging donya.

Sumber[edit | edit source]