Wn/jv/Minimal 30 jiwa téwas sawisé bus tiba ing jurang ing Afrika Kidul

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Minimal 30 jiwa téwas sawisé bus tiba ing jurang ing Afrika Kidul

Slasa, 27 Mei 2008

Minimal 30 jiwa téwas lan angka iki bisa munggah manèh sawisé sawijining bus sing diperkirani nggawa 80 wong tiba saka jurang sing dhuwuré 80 mèter lan mlebu kali cedhak Cedarville ing provinsi KwaZulu-Natal sing akèh gunungé.

Ana 32 wong sing diopname ing Griya Sakit sawisé rèm bus iki blong. Cacahé persis penumpangé ora dimangertèni amerga sopiré dhéwé téwas. Pulisi lan hèlikopter militèr isih nggolèki para korban.

Korban jiwa ing lalu lintas Afrika Kidul iku kalebu sing paling dhuwur sadonya mawa luwih saka 10.000 jiwa sing téwas saben taun.

Sumber[edit | edit source]