Wn/jv/Lumba-lumba mati nalika mènèhi pagelaran ing Orlando, Florida, AS

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Lumba-lumba mati nalika mènèhi pagelaran ing Orlando, Florida, AS

Rabu, 30 April 2008

The Dolphin Pool at Discovery Cove. Sing nggawé foto Michael Lowin.

Sawijining lumba-lumba mati sawisé tabrakan karo lumba-lumba liyané ing tengah udara nalika mènèhi pagelaran ing Discovery Cove, cabang SeaWorld ing Orlando, Florida. Iki kacilakan sing kapisan tau dumadi sawisé taman iki dibuka ing taun 2000.

Lumba-lumbané, sing duwé peparab 'Sharky' iku lumba-lumba wadon umur 30 taun. Dhèwèké tabrakan karo lumba-lumba lanang ajeneng 'Tyler' sing umuré 13 taun nalika pagelaran dina Setu wingi tanggal 26 April 2008.

Lumba-lumba loro iki sadurungé bisa nglakoni pagelaran ini luwih saka ping 100, nanging iki kapisan nalika Sharky nggawé salah pétungan nalika mlumpat. Kurang luwih ana 30 panonton nalika iki kadadéan.

Sumber[edit | edit source]