Wn/jv/Irak bakal nampa bali 701 artifak muséum sing dijarah para durjana nalika kisruhé invasi Amérika Sarékat

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Irak bakal nampa bali 701 artifak muséum sing dijarah para durjana nalika kisruhé invasi Amérika Sarékat

Minggu, 27 April 2008

Museum Nasional Irak ing Baghdad, dina Minggu wingi nampani luwih saka 700 artifak muséum sing ilang. Barang-barang iki padha dicolongi para durjana nalika Irak sing dipimpin déning Sadam Hussein kala iku diserbu Wadya Bala Amérika Sarékat ing taun 2003.

Barang-barang iki dibalèkaké déning otoritas Suriah. Suriah uga arep mbujuk Yordania mbalèkaké luwih saka 150 artifak muséum sing wis disita.

Sumber[edit | edit source]

(AP via Yahoo!)