Wn/jv/Film Indiana Jones akiré ditayangaké ing bioskop sadonya sawisé nunggu 19 taun

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
(Redirected from Wn/jv/Film Indiana Jones akire dimainke sakdonya sawise nunggu 19 taun)
Wn > jv > Film Indiana Jones akiré ditayangaké ing bioskop sadonya sawisé nunggu 19 taun

Kemis, 22 Mei 2008

Film Indiana Jones sing kaping 4 lan judulé Indiana Jones and the Kingdom of the Crystal Skull akiré main minangka première ing bioskop-bioskop sadonya, patang dina sawisé dadi pambuka Fèstival Film ing Cannes, Prancis sing kaping-61. Wong kudu nunggu mèh 20 taun sadurungé film iki terbit. Film saka siklus Indiana Jones sadurungé sing duwé judul Indiana Jones and the Last Crusade, dirilis ing sasi Mei taun 1989.

Film iki perkara mistèri fiksi bab cumplung-cumplung kristal sing sajatiné uga ana ing donya nyata lan bintang utamané yaiku Harrison Ford sing meranaké paraga "Dr. Indiana Jones", sawijining arkéolog Amérika Sarékat.

Film iki disutradarani déning Steven Spielberg lan diproduksi déning George Lucas (Lucasfilm). Saliyané Ford, bintang utama liyané yaiku Shia LaBeouf lan Cate Blanchett. Pameran kapindho iki dikon meranaké sawijining agèn Sovyèt, paraga durjana ing film iki.

Indiana Jones and the Kingdom of the Crystal Skull duwé rating PG-13 lan suwéné 2 jam lan 3 menit. Béya film iki yaiku US$ 185 yuta lan pangarepané bisa olèh US$ 400 yuta.

Pranala jaba[edit | edit source]

Wikipedia ndarbèni sawijining artikel perkara: