Wn/jv/Dudhané Benazir Bhutto dadi Présidhèn Pakistan

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Dudhané Benazir Bhutto dadi Présidhèn Pakistan

Slasa, 6 September 2008

Dudha saka mantan Perdana Menteri Pakistan Benazir Bhutto, Asif Ali Zardari, kapilih minangka présidhèn Pakistan. Zardari nggantèkaké Perves Musharraf sing mundur wulan Agustus.

Kaya dikutip saka reuters, Setu (6/9/2008), Zardari, antuk 487 saka 702 swura anggota parlemèn Pakistan lan papat majelis provinsi.

Panjenengané ngalahaké loro rivalé ing pamungutan swara. Loro rivalé mau yaiku Saeeduzzaman Siddiqui, mantan hakim sing dijagokaké partai mantan PM Pakistan Nawaz Sharif, lan Mushahid Hussain Sayed. Mushahid, arupa calon sing digawa partai sangisoré Musharraf.

Kaloro putri Zardari, Bakhtawar Bhutto Zardari lan Asifa Bhutto Zardari, melu nyeksèkaké prosès pamungutan swara. Foto Benazir Bhutto mawa bingkai werna emas katon ana ing tengah-tengahé putriné.

"Iki dudu mung kamenangan kanggo Tuan Zardari lan Partai Rakyat Pakistan (PPP). Nanging, iki uga kamenangan kanggo... sistem demokrasi sing diimpèkaké Benazir Bhutto," ujaré juru wicara.

Sumber[edit | edit source]