Wn/jv/Dorival Caymmi, panyanyi lan panulis lagu Braziltilar donya ing yuswa 94

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Dorival Caymmi, panyanyi lan panulis lagu Braziltilar donya ing yuswa 94

Setu, 16 Agustus 2008

Dorival Caymmi, sawijining panyanyi lan panulis lagu misuwur Brazil, tilar donya dina iki ing yuswa 94 taun ing griyané piyambak ing Rio de Janeiro. Panjenengané tilar donya amarga kanker ginjal lan sapérangan komplikasi gagal organ.

Caymmi nulis luwih saka satus lagu nalika isih urip. Lagu kanthi sesirah "Das Rosas" dipertal mawa basa Inggris "And Roses and Roses" déning panulis lirik Ray Gilbert Amérika Sarékat. Associated Press nglapuraké yèn "deep, velvety voice"é njalari Caymmi dadi salah sawijining musisi paling populèr ing Brazil. Salah siji laguné sing paling populèr yaiku "O que e que a Baiana tem" sawisé kolaborasi karo Carmen Miranda, sawijining panyanyi samba lan bintang film Brazil.

Uga minangka aktor, Caymmi mainké sapérangan peran film, sepisanan ing Joujoux e Balangandãs taun 1939. Panjenengané uga mbintangi film Pureza, Abacaxi azul, Estrela da Manhã, Pluft, o Fantasminha, Garota de Ipanema, The Sandpit Generals (sawijining film mawa basa Inggris) lan, sing paling anyar, Tenda dos Milagres. Mila Maria Ferreira, sadhèrèké Caymmi, kulawargané padha sedhih banget. Panjenengané ninggal yoga telu.

Sumber[edit | edit source]