Wn/jv/Déwan Menteri Walanda mutusaké panggunan komputer kanggo pemilu kanggo sawetara wektu dijabel

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Déwan Menteri Walanda mutusaké panggunan komputer kanggo pemilu kanggo sawetara wektu dijabel
Komputer pemilu ing Walanda.

Setu, 17 Mei 2008

DEN HAAG - Adhedhasar saran sèkretaris negara Bijleveld saka Départemen Dalem Negeri Walanda, Déwan Menteri Walanda mutusaké yèn panggunan komputer kanggo sawetara wektu dijabel dhisik. Déwan menteri ing dina Jemuwah, 16 Mei 2008 mutusaké sawetara iki yèn ana pemilu nganggo potlot abang lan dluwang waé. Béda karo ing Tanah Jawa utawa Indonesia yèn ana pemilu gambar utawa jeneng calon législatif dicoblos paku, yèn ing Walanda diwarnani potlot abang.

Sumber[edit | edit source]