Wn/jv/Ana Ivanovic menangaké kategori wadon tunggal ing Prancis Terbuka 2008

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Ana Ivanovic menangaké kategori wadon tunggal ing Prancis Terbuka 2008
Ana Ivanovic

Setu, 7 Juni 2008

PARIS - Ana Ivanović (20 taun) menangaké kategori wadon tunggal ing pertandingan Prancis Terbuka 2008. Ana ngalahaké Dinara Safina sing asalé saka Rusia mawa skor 6-4 6-3.

Ana dadi wong Serbia kapisan sing bisa menangaké gelar Grand Slam tènis. Sadurungé dhèwèké wis tau dadi finalis ing 2007 ngadhepi Justine Henin lan ing taun 2008 iki ing Australia Terbuka ngadhepi Maria Sharapova.