Wb/jv/Unggah-ungguhing Basa/Basa Ngoko/Ngoko Lugu

From Wikimedia Incubator

Basa Jawa tataran Ngoko Lugu iku arupa basa sing sakabehane ditata nganggo tembung-tembung Basa Ngoko. Ciri-cirine yakuwi antara liya:

  • Migunakake tembung: aku,kowe
  • Ater-ater dak-, ko-, di-, ora owah.
  • Panambang -ku, -mu, -ake ora owah.

Basa ngoko iki dipunakake wicara antara:

  • Wong tuwa marang bocah, putu utawa wong enom liyane
  • Wacana antara wong-wong sing sadrajad, ora migatekake kalungguhan lan yuswa. Contone antara bocah karo kanca-kancane.
  • Dhuwuran marang pegawene.
  • Nalika ngunandika utawa ngudarasa.