Wb/jv/Tembang/Langgam Jawa/Rujak Uleg

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Tembang‎ | Langgam Jawa
Wb > jv > Tembang > Langgam Jawa > Rujak Uleg

Rujak Uleg
Penyanyi: Waljinah
Pangripta: N.N./Budi
Irama:Kroncong/8 beat Tempo: 80

Tèks[edit | edit source]

  • Rujak uleg, rasa sepet kakèhan cengkir
  • Atiné judheg, dhadhané seseg kakèhan pikir
  • Alam donya warna-warna kahananè, jarènè
  • Biyèn kandha, nalikané perang gedhé
  • Bandha nyawa, dilebokké negarané, jaréné
  • Muga-muga, gak énggala bubar waé
  • Rujak timun, dheleg-dheleg terus ngalamun
  • Jaréné gumun, blanjané cupet nggo tuku sabun
  • Alam donya warna-warna kahanané, jaréné
  • Biyèn apa, saikiné katon piyé
  • Ati murka, nggolèk ana, nyebut kéné, jaréné
  • Tiwas diangsa, jebul ra ana mariné
  • Kopi susu, ilang kopiné, kèri gelasé
  • Awaké kuru, pacaré mlayu entèk duwité
  • Alam donya warna-warna kahanané, jaréné
  • Ra digagas, papan omah kari pageré
  • Bandha bablas, anak bojo ra dipikir butuhé
  • Yèn ra mawas, malah bubrah rumah tanggané.

Sumber[edit | edit source]