Wb/jv/Kawruh basa Sangskreta/Paugeran sandhi

From Wikimedia Incubator

Saṃdhi utawa sandhi iku ing basa Sangskreta fénoména pangaribawa antar foném. Dadi ing basa Sangskreta yèn ana rong swara sing cedhak siji karo sijiné, uni iki bisa owah. Tetenger iki bisa dipadhakaké karo tetenger tembung garba ing basa Jawa Anyar. Dadi contoné ana + ing dadi anêng.

Ing basa Sangkreta, fénoména iki bisa dipérang dadi sandhi jero lan sandhi jaba. Paugerané dadi kaya mengkéné:

Sandhi jero[edit | edit source]

Aksara swara sing padha[edit | edit source]

a utawa ā + a utawa ā dadi ā

i utawa ī + i utawa ī dadi ī

u utawa ū + u utawa ū dadi ū

Aksara swara sing béda[edit | edit source]

a utawa ā + i utawa ī dadi e

a utawa ā + u utawa ū dadi o

a utawa ā + utawa ṛ- dadi ar

Aksara swara cendhak karo sing dawa[edit | edit source]

a utawa ā + e utawa ai dadi ai

a utawa ā + o utawa au dadi au

Aksara swara liyané[edit | edit source]