Wb/jv/Magnoliopssida

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv
Wb > jv > Magnoliopssida

Magnoliopsida kuwi jeneng botani kanggoné kelas tetanduran. Jeneng iki diwangun kanthi ngganti panambang -aceae saka jeneng Magnoliaceae nganggo panambang -opsida (Pasal 16 jroning ICBN). Kelas Magnoliopsida dianggo jeneng takson tumrap kabèh tetanduran ngembang dudu monokotil lan nduwèni sipat polifiletik. Magnoliopsida kuwi jeneng sing diangg nggantèkaké jeneng lawas Dicotyledoneae (kelas tetanduran dikotil, utawa agodhong lembaga loro).

Sistem Klasifikasi APG II, sing mbaka sethithik tansaya populèr, ora migunakaké jeneng iki manèh. Luwih adoh, sistem ii nemokaké yèn jroning klompok iki ana paling ora pitu klade sing béda sacara genetik. Saka kapitu klade iki, ana siji klompok gedhé sing monofiletik sing nduwèni ciri-ciri khas Magnoliopsida sacara konsisten lan disebut eudicots ("dikotil bener/sejati"). Ironisé, Magnoliaceae ora klebu jroning dikotil sejati.