Wb/jv/Kawruh basa Sangskreta/Fonologi

From Wikimedia Incubator
Jump to navigation Jump to search

Ing basa Sangskreta sacara tradisional ana 48 uni sing dipérang dadi vokal utawa swara lan konsonan utawa wyanjana. Ing ngisor iki, uni-uni iki kapacak mawa pasang aksara utawa éjaan Latin sing biasa dienggo kanggo nulis basa Sangskreta mawa aksara Latin. Urutan uni-uni ing basa Sangskreta iki astaméwa, sabab urutan iki sifaté fonologis lan wis ditepungi wong India Kuna luwih saka 2.000 taun kapungkur.

Vokal
a ā i ī u ū ṛ ṝ ḷ ḹ ; e ai o au
Konsonan
k kh g gh ṅ
c ch j jh ñ
ṭ ṭh ḍ ḍh ṇ
t th d dh n
p ph b bh m
y r l v
ś ṣ s
h
-ṃ diarani anusvara
-ḥ diarani visarga

Pocapan[edit]

Pocapan basa Sangskreta iku ora béda akèh karo basa Jawa. Malahan pocapan basa Jawa katoné jaman biyèn kena pangaruh gedhé basa Sangskreta.

Vokal utawa swara[edit]

a mèmper "ora" ing basa Jawa
ā mèmper "karma" ing basa Jawa nanging luwih dawa
i mèmper "kali" ing basa Jawa
ī mèmper "lirwa" ing basa Jawa nanging luwih dawa
u mèmper "telu ing basa Jawa
ū mèmper "lumrah" ing basa Jawa nanging luwih dawa
ṛ mèmper "kreteg" ing basa Jawa
ṝ padha ing dhuwur nanging luwih dawa mèmper tembung Jawa Kuna
ḷ mèmper "lenga" ing basa Jawa
ḹ ora tau muncul lan ditulis ing kéné sajatiné namung déning alesan téoritis baé. Uni iki kudu dipocapaké kaya ḷ nanging luwih dawa
e mèmper "lélé" ing basa Jawa
ai mèmper "partai" ing basa Jawa utawa Indonésia
o mèmper "loro" ing basa Jawa
au mèmper "bangau" ing basa Melayu/Indonésia

Konsonan[edit]

k mèmper "kali" ing posisi awal utawa "rok" ing posisi akir
kh mèmper ing ndhuwur nanging diiloni aspirasi (ambegan sing diwetokaké)
g mèmper "giri" ing basa Jawa
gh mèmper ing ndhuwur nanging diiloni aspirasi (ambegan sing diwetokaké)
ṅ mèmper "kalung" ing basa Jawa
c mèmper "cacing" ing basa Jawa
ch mèmper ing ndhuwur nanging diiloni aspirasi (ambegan sing diwetokaké)
j mèmper "jala" ing basa Jawa
jh mèmper ing ndhuwur nanging diiloni aspirasi (ambegan sing diwetokaké)
ñ mèmper "banyu" ing basa Jawa
ṭ mèmper "kothak" ing basa Jawa
ṭh mèmper ing ndhuwur nanging diiloni aspirasi (ambegan sing diwetokaké)
ḍ mèmper "wedhi" ing basa Jawa
ḍh mèmper ing ndhuwur nanging diiloni aspirasi (ambegan sing diwetokaké)
ṇ mèmper "n" nanging pucuk ilat rada ditarik ing mburi kaya ing tembung "gunung" lan "werna" ing basa Jawa
t mèmper "tuku" ing basa Jawa
th mèmper ing ndhuwur nanging diiloni aspirasi (ambegan sing diwetokaké)
d mèmper "dana" ing basa Jawa
dh mèmper ing ndhuwur nanging diiloni aspirasi (ambegan sing diwetokaké), mèmper tembung "dharma" ing basa Indonésia
n mèmper "nambah" ing basa Jawa
p mèmper "pisang" ing basa Jawa
ph mèmper ing ndhuwur nanging diiloni aspirasi (ambegan sing diwetokaké) utawa tembung "pahala" ing basa Indonésia
b mèmper "banyu" ing basa Jawa
bh mèmper ing ndhuwur nanging diiloni aspirasi (ambegan sing diwetokaké) utawa tembung "bahasa" ing basa Indonésia
m mèmper "mulih" ing basa Jawa
y mèmper "yasa" ing basa Jawa
r mèmper "ratu" ing basa Jawa
l mèmper "lunga" ing basa Jawa
v mèmper "warga" utawa "swara" ing basa Jawa
ś mèmper "syah" ing basa Indonésia utawa basa Jawa
ṣ mèmper "wisthi" ing basa Jawa
s mèmper "saha" ing basa Jawa
h mèmper "saha" ing basa Jawa
-ṃ mèmper "wangsa" ing basa Jawa utawa tembung "pain" ing basa Prancis
-ḥ mèmper "wutah" ing basa Jawa

Gradasi vokal (Ablaut)[edit]

Basa Sangkreta minangka basa Indo-Éropah sing wis kuna ndarbèni sistém fonologi sing diarani gradasi vokal utawa Ablaut ing basa Jerman utawa uga apofoni. Apa iki tegesé? Tegesé ing basa Sangskreta, tembung-tembung duwé bentuk dhasar sing vokalé utawa swarané bisa diowah-owahi gradasiné. Yèn diowahi, tegesé dadi béda.

Ing ngisor iki kapacak tabèl skéma gradasi vokal ing basa Sangskreta.[1]

a i u
Gradasi dhasar -, a i, ī u, ū ṛ, ṝ
Gradasi kebak (guṇa) a e o ar al
Gradasi dawa (vṛddhi) ā ai au ār -, āl[2]

Tuladha:

  • Kanggo a: pa-pt-ima; pat-ati; pāt-ayati tegesé "kita tiba" (perfektum), "dhèwèké(lanang) saiki tiba", "dhèwèké(lanang) saiki ngakibataké tiba".
  • Kanggo i: vid-ur; ved-a; vaid-yam tegesé "dhèwèkékabèh ngerti"; "aku ngerti"; "wong sing ngerti"
  • Kanggo u: tul-ā; tol-ana-; taul-in- tegesé "timbangan"; "nimbang"; "tukang timbang/panimbang".
  • Kanggo ṛ: kṛ-ta-; kar-tṛ-; kār-ya- tegesé "digawé"; "panggawé"; "pagawéyan".
  • Kanggo ḷ: kḷp-ta-; kalp-ate tegesé "wis tumata"; "tumataa"

Banjur vokal-vokal ing tembung dhasar sing muncul ing wanda dawa posisi katutup ora mèlu prosès gradasi iki. Dadi contoné nindati "dhèwèké(lanang) mbuktèkaké manèh" tetep dadi nind-, lan jīv-ati "dhèwèké(lanang) saiki urip" : jīv-.

Panekenan wanda[edit]

Panekenan wanda utawa aksèn iku ing basa Sangskreta tiba ing wanda kapindho utawa katelu saka mburi. Biasané olèhé tiba ing wanda sing nduwé vokal dawa.

Cathetan sikil[edit]

  1. Skéma miturut Gonda (1966:10-11) lan Haryati Soebadio (1983:2-3)
  2. Miturut Gonda (1966:10-11) ora ana, nanging miturut Haryati Soebadio āl (1983:2-3)