Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Tembung ing Basa Jawa/Basa kanthi tembung kang premana/Arané sadulur

From Wikimedia Incubator

Prenahé sedulur[edit | edit source]

  1. Sedulur : tunggal bapak ibu
  2. Misanan : sedulur tunggal embah, nakdulur
  3. Mindhoan : sedulur tunggal buyut
  4. Keponakan : anaké sedulur
  5. Putu : anaké anak
  6. Putu keponakan : anaké keponakan
  7. Paklik/Bulik : adhiné bapak ibu
  8. Pakdhé/Budhé (uwa) : kakang/mbakyuné bapak utawa ibu
  9. Anak mantu : bojoné anak
  10. Putu mantu : bojoné putu
  11. Maratuwa : wong tuwané bojo
  12. Bésan : wong tuwané mantu
  13. Ipé : seduluré bojo
  14. Pripéan : ipéné sedulur
  15. Sedulur kuwalon : tunggal bapak séjé ibu utawa tunggal ibu séjé bapak
  16. Bapak kuwalon : bapak sambungan
  17. Anak angkat : bocah sing diakoni anak
  18. Sedulur asu : sedulur tunggal ibu séjé bapak
  19. Tunggal banyu : sedulur tunggal guru
  20. Tunggal welat : sedulur tunggal bapak ibu

Urutané sedulur[edit | edit source]

  • Pembarep
  • Penggulu
  • Pandhadha
  • Sumendhi
  • Wuragil