Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Tembung ing Basa Jawa/Basa kanthi tembung kang premana/Arané panggonan

From Wikimedia Incubator
  • Alun-alun : palemahan jembar ing satengahing kutha
  • Babadan : palemahan sing wis dibabadi
  • Balapan : papan kanggo adu balap
  • Balé mangu : papan kanggo ngadili wong sing nyalahi hukum
  • Bango : papan kanggo dodolan
  • Bangsal : omah gedhé kanggo pasamuan
  • Bètèng : témbok gedhé dhuwur ing sakubengé kraton
  • Besalèn : papan kanggo mandhé
  • Bong : Kuburan Tionghwa
  • Bothèkan : wadhah jamu utawa bumbon
  • Bubat : Papan kanggo adu samubarang
  • Cakruk : omah jaga ing pinggir dalan
  • Clunthang : wadhah jangkrik
  • Éndhong : wadhah panah
  • Épok : wadhah kinang
  • Ésong : growongan pinggir kali, omah landhak
  • Gayor : cènthèlan gong
  • Gedhogan : kandhang jaran
  • Gerdhu : omah jaga
  • Glodhog : kothak kanggo ngingu tawon
  • Gréja : omah kanggo sembahyang wong Kristen
  • Gowok : gowongan ing kayu
  • Grobog : kothakan kanggo nyimpen panganan
  • Gubug : omah cilik ing sawah kanggo tunggu manuk
  • Gudhang : omah gedhé kanggo nyimpen barang
  • Gupit mandragini : gedhong kanggo turu (ing kraton)
  • Hotèl : omah gedhé kanggo nginep
  • Iyan : wadhah kanggo ngelèr sega
  • Jodhang: wadhah kanggo nggawa panganan mawa pikulan
  • Jun : wadhah banyu kanggo ngangsu
  • Kedhaton, kraton : dalemé ratu
  • Kandhang : omahé kéwan rajakaya (sapi, kebo, wedhus)
  • Kanthongan : sak ing klambi
  • Kantor bank : kantor ngurusi dhuwit
  • Kantor pos : kantor ngurusi layang lsp.
  • Klenthèng : omah kanggo sembahyang wong Tionghwa
  • Kombong : kandhang kéwan sato iwèn (pitik, ménthok, bèbèk)
  • Krangkèng : kandhang kéwan galak
  • Kranjang : wadhah kanggo blanja
  • Kuncung : omah cilik sangarepé pendhapa
  • Kurungan : piranti kanggo ngurung
  • Langgar : omah cilik kanggo sembahyang utawa ngaji
  • Lèng : bolongan cilik ana lemah
  • Laji : omah gedhong sing apik
  • Lumbung : omah kanggo nyimpen pari
  • Mesjid : papan kanggo sembahyang wong Islam
  • Pacrabakan : papan kanggo sang Wiku, pamulangan
  • Padaringan : papan (wadhah) kanggo nyimpen beras
  • Padasan : wadhah banyu kanggo wudhuk
  • Padhèpokan : papan kanggo gladhi olah kanuragan
  • Paèstrèn : sawah ing tepiné kali
  • Paga : papan kanggo nyimpen bekakas pawon
  • Pagagan : palemahan sing ditanduri pari gaga
  • Pagupon : omah dara
  • Paidon : wadhah idu
  • Pakebonan : lemah sing ditanduri wit-witan
  • Pakunjaran : papan kanggo nahan wong
  • Pelabuhan : papan kanggo labuh kapal
  • Pelataran : lemah kothong sangarepé omah
  • Pamulangan : papan kanggo sekolah
  • Pandhapa : omah ngarep kanggo nemoni tamu
  • Panepèn : papan kanggo tapa
  • Pantisari : omah cilik ing tengah taman
  • Papon : wadhah enjet
  • Pasanggrahan : papan kanggo nginep sajabaning kutha
  • Pasantrèn : omah kanggo nyantri
  • Pasar : papan kanggo dol tinuku barang
  • Pasétran : papan kanggo mbuwang bangké
  • Pasisir : papan pinggir segara
  • Patamanan : papan sing ditanduri kekembangan
  • Patapan : papan kanggo tapa
  • Patarangan : papan kanggo ngendhog pitik
  • Pawon ; papan kanggo olah-olah
  • Pawuhan : papan kanggo mbuwang uwuh
  • Payudan : ara-ara kanggo perang
  • Pinihan : papan kanggo ndhedher winih
  • * Plangkan : jagragan sanggan tumbak, payung lsp.
  • Plegungan : papan kanggo sapi ngaso
  • Ploncon : gawangan kayu mawa bolongan kanggo ndèlèh teken, tumbak lsp.
  • Pluwang : luwungan kanggo masangi kéwan alas
  • Pomahan : pekarangan sing diedegi omah
  • Pondhok : omah kanggo santri
  • Pragèn : wadhah bumbon
  • Pranji : kurung pitik
  • Ranggon : gubug kanggo lèrèn
  • Rong : lèng sing gedhé
  • Rumah sakit : omah kanggo ngrumat wong lara
  • Sanggar : papan kanggo muja semèdi
  • Segaran : tironé segara
  • Sekolahan : papan kanggo sekolah
  • Selon : bumbung kanggo wadhah bumbu
  • Senthong : kamar kanggo turu
  • Setrèn : sawah pinggir kali
  • Slepèn : wadhah bako
  • Sudhung : gegrumbulan omah cèlèng
  • Susuh : omah manuk
  • Tobong : luwengan kanggo ngobong gendhèng
  • Tala : omah awon
  • Tambak : blumbang kanggo ngingu bandeng
  • Tangsi : omahé saradhadhu
  • Tegalan : palemahan sing ditanduri palawija
  • Tulang : kothakan cilik kanggo adu jangkrik
  • Warung : omah kanggo dodolan
  • Wrangka : kayu wadhah keris utawa tumbak

Kategori:Kawruh Basa Jawa