dhampit
|
anak kembar loro lanang lan wadon
|
gilir kacang
|
anak akèh selingan lanang-wadon
|
anggana
|
anak akèh sing urip mung siji
|
cemani
|
bocah kulité ireng mulus
|
bulé
|
bocah kulité putih mulus
|
gondhang kasih
|
anak loro séjé pakulitané, ireng lan putih
|
julung sungsang
|
bocah lairé ngepasi srengéngé pener sirah (awan)
|
julung kembang
|
bocah lairé mbarengi srengéngé mlethèk
|
julung sarab
|
bocah lairé ngarepé srengéngé surup
|
julung caplok
|
bocah lairé mbarengi srengéngé surup
|
margana
|
bocah lairé ing ndalan
|
jempina
|
bocah lairé durung wektuné (prematur)
|
lola
|
bocah sing wis ora nduwé bapa-biyung
|
pambarep
|
anak nomer siji
|
panggulu
|
anak nomer loro
|
pandhadha
|
anak nomer telu
|
sumèndhi
|
kakang wuragil
|
wuragil/waruju
|
anak kèri dhéwé
|
ontang-anting
|
anak tunggal, lanang
|
uger-uger lawang
|
anak loro anang kabèh
|
cukit dhulit
|
anak telu lanang kabèh
|
pandhawa
|
anak lima lanang kabèh
|
untang-unting
|
anak tunggal, wadon
|
kembang sepasang
|
anak loro wadon kabèh
|
gotong mayit
|
anak telu wadon kabèh
|
sarimpi
|
anak papat wadon kabèh
|
pancagati/pandhawi
|
anak lima wadon kabèh
|
kedhana-kedhini
|
anak loro lanang wadon
|
kedhini kedhana
|
anak loro wadon lanang
|
sendhang kapit pancuran
|
anak telu, lanang-wadon-lanang
|
pancuran kapit sendhang
|
anak telu, wadon-lanang-wadon
|
sapasar
|
anak lima lanang wadon
|
ipil-ipil
|
anak lima, lanang siji wadon papat
|
kembar
|
anak loro lanang kabèh utawa wadon kabèh
|