Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Rakitan Ukara/Sanépa

From Wikimedia Incubator
  • Ambuné arum jamban : Ambuné banger
    ꦲꦩ꧀ꦧꦸꦤꦺꦲꦫꦸꦩ꧀ꦗꦩ꧀ꦧꦤ꧀
  • Awaké kuru semangka : Awaké lemu banget
    ꦲꦮ​ꦏ꧀ꦏꦺ​ꦏꦸꦫꦸ​ꦱꦼꦩꦁꦏ
  • Balungé atos debog : Balungé empuk banget
    ꦧꦭꦸꦁꦔꦺꦲꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦼꦧꦺꦴꦒ꧀
  • Barangé aji godhong garing : Barangé ora aji banget
    ꦧꦫꦁꦔꦺꦲꦗꦶꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦒꦫꦶꦁ
  • Boboté abot kapuk : Boboté ènthèng banget
    ꦧꦺꦴꦧꦺꦴꦠ꧀ꦠꦺꦲꦧꦺꦴꦠ꧀ꦏꦥꦸꦏ꧀
  • Boboté bot merang sagedheng : Boboté ènthèng banget
    ꦧꦺꦴꦧꦺꦴꦠ꧀ꦠꦺ​ꦧꦺꦴꦠ꧀​ꦩꦼꦫꦁ​ꦱꦒꦼꦝꦼꦁ
  • Cahyané abang dluwang : Cahyané pucet banget
  • Dedegé dhuwur kencur : Dedegé cendhèk banget
  • Énggalé suwé banyu sinaring : Wektuné cepet banget
  • Èsemé pait madu : Èsemé manis banget
  • Kawruhé jero tapak meri : Kawruhée sethithik banget
  • Kulitané wuled godhong lumbu : Kulité gampang suwèk
  • Lemuné bénjol tampah : Lemuné bunder banget
  • Pakulitané kuning silit kwali : Pakulitané ireng banget
  • Pamandengé kedhèp tésmak : Pamandengé njinggleng
  • Pikirané landhep dhengkul : Pikirané bodho banget
  • Playuné lonjong botor (mimis) Playunée banter banget
  • Playuné rindhik asu digitik : Playuné banter banget
  • Polahé anteng kitiran : Polahé akèh banget
  • Rasané legi butrawali : Rasané pait banget
  • Rembugé peret beton : Rembugé alus banget
  • Srawungé renggang gula kumepyur pulut : Srawungé raket banget
  • Tatuné arang kranjang : Tatuné kerep banget
  • Tembungé pait madu : Tembungé manis banget
  • Tembungé resik pecerèn : Tembungé rusuh banget
  • Ulaté bening leri : Ulaté mrengut baé
  • Utangé arang wulu kucing : Utangé akèh banget
  • Suwé mijet wohing ranti : Sedhéla banget
  • Wujudé agal glepung : Wujudé lembut banget