Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Dhialèk/Dhialèk Blora/Gendhoyo

From Wikimedia Incubator
Jump to navigation Jump to search

Wartini iku jan mBlora asli. Lha généya lèh thik ora?, wong bareng krungu nèk Kutha mBlora lagèk giyat nandur Xancivera ndhèk-é ndang gagé mborong bibité terus ditandur nèng sakkubengé pager omah. Wong dhuwiké ya akèh, kolèksiné mesthi aé ya komplit, ana sing ijo polos, ana sing lurik-lurik kuning, belang putèh, kabèh ditata asri thirik-thirik ngubengi bèntèng omahé. Dhasar seneng pethètan, koleksi aglaonemané ya rena-rena ditata jèjèr-jèjèr nèng kidul omah, ana udan es, cassette, leopard, chiangmay, hèng-hèng, milky way, pride of sumatra lan ora kèri sing paling disenengi dhéwé yaiku lady valentine sing godhongé werna shocking pink, ancèn jan ndemenakna tenanan. Semono uga sakèhing jenis anthurium gelombang cinta lan hookery, diklumpukna nèng pojokan sing rodok éyub. Gelombang cintané malah ana sing wis gedhé lan wijiné isa didhedher dadi pirung-pirung. Apa enèh tanduran sing lagèk populèr saikiné, yaiku puring, dhéknèné ya wis ngolèksi. Ana sungu wedhus, walèt, cobra, èksotik, fantastik, kura-kura, pokok-é ka 100an luwèh jenis puring, gak ana sing kliwatan blas, kabèh dijèjèr nèng ngisor wit jambu jamaika kidul omah.

Bar siram-siram pethètan, nèk soré biasané Wartini terus lunggoh nèng téras karo nyruput tèh cong-congan ramuané dhéwé. Senengané ya ngono iku, sakabèhé mèrk tèh sing dijèjèr nèng rak-é Alfa mart, mboh iku Tèh Gopèk, Goal Para, Tong Jie, Poci, Sariwangi, Upet, malah tèh cap Prenjak barang ya wis tau dijajal, kuabèh diicipi nanging gak ana sing nendhang, jaréné kurang magleg. Sidané ya aluwung nyampur dhéwé aé iku maeng. Mboh apa aé campurané, wong nèk ditakoki ora tau ngaku merga jaréné rahasia prusahaan. Nanging rasané ancèn ya inuk tenan, apa enèh bar dicampur mau terus diadhahi toplès cilik tipak adhah mindhik Kedhungringin, sebab nèk gak ndang ditutup rapet jaré rasa lan ambuné dadi ngabar. Paling énak sakdhongé nèk ngombé tèh soré-soré ngono iku ya ambèk dikancani nyamikan gandhos, godrès, utawa moho, terus disambi maca tabloid utawa nggarap TTS. Nanging panganan ngono iku meng saiki ancèné wis rodok langka. Timbang blangkemen, nèk anu diplalah tuku ning warung pojok komplèk. Naging yaiku maeng ènèké ya mok téla karo gedhang gorèng.

Lagèk énak-énak nyruput tèh karo nglamun, éé mak bedhengus teka kurir ngeterna pakèt bungkusan guedhem kiriman saka ibuk-é , bareng dibukak tibak-é isi rena-rena, ana trasèk, iwak pé, pelem, lompong, godhong téla, lombok ijo kriting, témpé buntelan godhong jati, gorèngan ungker lan ora kèri gedhang gablok senengané ndik isèk cilik mbengèn. Wah ya dadi èpyèk lèh, lha piyé wong nèk gak ndang dilebokna kulkas témpéné engko isa dadi pait. Senajan èpyèk nanging atiné bungah merga panganan sing disenengi teka mbrudhul saka tanah kelairané, mBlora. Bareng wis temata Wartini ndang gagé nilpun ibuné sing isèk manggon nèng Kaliwangan: "Matur kesuwun ya buk-é, kirimané wis teka, ibuk séhat??, piyé kabaré pak-é??" pitakoné ndlidir bareng tilpuné wis nyambung. "Pak-aem séhat ndhuk, ijèk sregeb ngontrol toko, mok aku sing sakiki rodok kerep mriang karo watuk, nèk ana liburan tiliki yaa..?!"" Wéé lha iki, lagèk konangan buntuté, nèk jané ana "watu nèng waliké urang". Tibak-é kirim pakèt maeng merga ibuké kangen kepéngin ditiliki anaké sing ayu dhéwé. Wartini gèdhèk-gèdhèk karo nggremeng:"Wong ndik ingi lagèk bar ditiliki ngono lho yaa...?!."

"O iya buk, lha gendhoyoné endi??" bengoké Wartini bareng éling nèk nèng njero pakèt mau kok gak ana panganan senengané wiwit cilik mula, yaiku gendhoyo. Ibuné nyauri : " Gung usum ndhuk, suk ketiga tak kirimi... kowé iku lho, wis dadi wong kutha ngono ok ijèk seneng gendhoyo aé nduuuk ndhuk". Ngono jawabané ibuné Wartini ambèk ngempet guyu. Nèk éling gendhoyo iku maeng Wartini terus kèlingan jaman cilikané mbengèn kerep ramban gendhoyo nèng tegalan cedhak omahé ing Kaliwangan. Jaman cilikan, apa enèh nalika ijèk sekolah nèng SMP lan SMA bengèn, donya isiné mok seneng, ubyang ubyung karo kanca-kancané, èngkèk goncèkan sepédah montor nganggo kacamata ireng jaran képang, plesir nèng Wadhuk Tempuran, imba-imba "belajar bersama" ngiras sir-siran nèng Tirtonadi, pokoké jan suenengé por.

Saikiné bareng wis urip nèng Jakarta ancèn krasa susah, nèk kepéngin mangan jajan karemané wis gak ana. Wis ngono thik angger arep mangan kudu mikir-mikir sik, iki aman apa ora ya?. Akèh-akèhé nèng mall-mall saikiné mok panganan "cepat saji" sing kurang séhat. Nèk arep ramban nèng supermarket ya ana, nanging janganané jaréné wis disemprot nganggo insèktisida, nèk sing ngaku organik, regané mesthi sak langit. Kangkung aé sing kétoké ijo seger, jaré nanduré nèng rawa-rawa sing wis kenèk pencemaran mèrkuri. Semono uga daging sapi, apa enèh nèk tukuné ning pasar kagèt sing gak diawasi, jaré ya kadhangkala dicampur karo daging cèlèng barang. Ancèn ya mbingungna, bakso aé nèk anu jaré ana sing diimbohi daging tikus. Tahu, bèn kétok seger, awèt lan padhet ya terus diblonyo nganggo boraks utawa formalin, krupuké dilabur pewarna kain, wis pokoké jan gak ana sing ngungkuli suedepé godhogan gendhoyo Kaliwangan sing mak nyus kaé. Wis seger thik aman sisan. Glek*q*g.#.* %.@.*.&

Deleng uga[edit]